Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Hadid Ayahs #9 Translated in Jawa

لَهُ مُلْكُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۚ وَإِلَى اللَّهِ تُرْجَعُ الْأُمُورُ
Keraton langit lan bumi kagungane Allah, samu barang prakara iku wekasane bali marang Allah
يُولِجُ اللَّيْلَ فِي النَّهَارِ وَيُولِجُ النَّهَارَ فِي اللَّيْلِ ۚ وَهُوَ عَلِيمٌ بِذَاتِ الصُّدُورِ
Allah iku nglajokake wengi marang awan, sarta awan marang wengi, lan nguningani sakrenteking ati
آمِنُوا بِاللَّهِ وَرَسُولِهِ وَأَنْفِقُوا مِمَّا جَعَلَكُمْ مُسْتَخْلَفِينَ فِيهِ ۖ فَالَّذِينَ آمَنُوا مِنْكُمْ وَأَنْفَقُوا لَهُمْ أَجْرٌ كَبِيرٌ
Sira padha percaya ing Allah lan marang Rosule, lan blanjakna sebagian saka bandhamu kang diparingake dening Allah kang sira urusi, mula wong - wong kang percaya ing Allah antarane kancanira ing tembe bakal tampa ganjaran gedhe yaiku suwarga
وَمَا لَكُمْ لَا تُؤْمِنُونَ بِاللَّهِ ۙ وَالرَّسُولُ يَدْعُوكُمْ لِتُؤْمِنُوا بِرَبِّكُمْ وَقَدْ أَخَذَ مِيثَاقَكُمْ إِنْ كُنْتُمْ مُؤْمِنِينَ
Ana apa sira ora percaya marang Allah lan Rosule, kang ngajak marang sira percaya ing Allah Pangeranira, lan wis ngasta ukuranira sanggem dadi wong kang percaya
هُوَ الَّذِي يُنَزِّلُ عَلَىٰ عَبْدِهِ آيَاتٍ بَيِّنَاتٍ لِيُخْرِجَكُمْ مِنَ الظُّلُمَاتِ إِلَى النُّورِ ۚ وَإِنَّ اللَّهَ بِكُمْ لَرَءُوفٌ رَحِيمٌ
Allah kang nurunake tandha yekti kang cetha pirang - pirang marang kawulane kanggo metokake sira saka panggonan peteng marang pepadhanging (Iman) kang mangkono iku cetha sih piwalesing Allah marang sira

Choose other languages: