Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Hadid Ayahs #8 Translated in Jawa

هُوَ الَّذِي خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ فِي سِتَّةِ أَيَّامٍ ثُمَّ اسْتَوَىٰ عَلَى الْعَرْشِ ۚ يَعْلَمُ مَا يَلِجُ فِي الْأَرْضِ وَمَا يَخْرُجُ مِنْهَا وَمَا يَنْزِلُ مِنَ السَّمَاءِ وَمَا يَعْرُجُ فِيهَا ۖ وَهُوَ مَعَكُمْ أَيْنَ مَا كُنْتُمْ ۚ وَاللَّهُ بِمَا تَعْمَلُونَ بَصِيرٌ
Allah iku kang gawe bumi lan langit mung dina, banjur jumeneng ana ’Arasy, nguningani barang kang mlebu lan metu ing bumi. Apa dene barang kang tumurn saka langit, lan kang munggah marang langit, ing ngendi panggonanira Allah nyartani, kang mirsani kabeh barang kang padha sira lakoni
لَهُ مُلْكُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۚ وَإِلَى اللَّهِ تُرْجَعُ الْأُمُورُ
Keraton langit lan bumi kagungane Allah, samu barang prakara iku wekasane bali marang Allah
يُولِجُ اللَّيْلَ فِي النَّهَارِ وَيُولِجُ النَّهَارَ فِي اللَّيْلِ ۚ وَهُوَ عَلِيمٌ بِذَاتِ الصُّدُورِ
Allah iku nglajokake wengi marang awan, sarta awan marang wengi, lan nguningani sakrenteking ati
آمِنُوا بِاللَّهِ وَرَسُولِهِ وَأَنْفِقُوا مِمَّا جَعَلَكُمْ مُسْتَخْلَفِينَ فِيهِ ۖ فَالَّذِينَ آمَنُوا مِنْكُمْ وَأَنْفَقُوا لَهُمْ أَجْرٌ كَبِيرٌ
Sira padha percaya ing Allah lan marang Rosule, lan blanjakna sebagian saka bandhamu kang diparingake dening Allah kang sira urusi, mula wong - wong kang percaya ing Allah antarane kancanira ing tembe bakal tampa ganjaran gedhe yaiku suwarga
وَمَا لَكُمْ لَا تُؤْمِنُونَ بِاللَّهِ ۙ وَالرَّسُولُ يَدْعُوكُمْ لِتُؤْمِنُوا بِرَبِّكُمْ وَقَدْ أَخَذَ مِيثَاقَكُمْ إِنْ كُنْتُمْ مُؤْمِنِينَ
Ana apa sira ora percaya marang Allah lan Rosule, kang ngajak marang sira percaya ing Allah Pangeranira, lan wis ngasta ukuranira sanggem dadi wong kang percaya

Choose other languages: