Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Furqan Ayahs #12 Translated in Jawa

أَوْ يُلْقَىٰ إِلَيْهِ كَنْزٌ أَوْ تَكُونُ لَهُ جَنَّةٌ يَأْكُلُ مِنْهَا ۚ وَقَالَ الظَّالِمُونَ إِنْ تَتَّبِعُونَ إِلَّا رَجُلًا مَسْحُورًا
Utawa amarga apa ora diparingi gedhong saka ing langit kang isi mas picis raja-brana, utawa sebab apa ora duwe palemahan (pakebonan) kang pemetune nyukupi pipangan (dadi ora susah menyang pasar). Wong - wong kafir padha ngucap marang wong mukmin, "Sira iku ora liya mung manut marang wong kang kena ing sihir
انْظُرْ كَيْفَ ضَرَبُوا لَكَ الْأَمْثَالَ فَضَلُّوا فَلَا يَسْتَطِيعُونَ سَبِيلًا
(Muhammad) mara sira andelenga wong kanfir anggone gawe upama (gegambaran) tumraping sira (ora paitis iya nekad wae). Awit saka iku wong - wong kafir iku padha kesasar, mulane padha ora pikantuk dalan marang keselametan
تَبَارَكَ الَّذِي إِنْ شَاءَ جَعَلَ لَكَ خَيْرًا مِنْ ذَٰلِكَ جَنَّاتٍ تَجْرِي مِنْ تَحْتِهَا الْأَنْهَارُ وَيَجْعَلْ لَكَ قُصُورًا
Maha Luhur Pangeran kang menawa ana kepareng kersane andamel kanggo sira (Muhammad) kang luwih becik tinimbang kang diucapake dening wong kafir mau gedong isi mas picis raja-brana, palemahan kang pemetune nyukupi. Allah bakal maringi suwarga marang sira, kang ana bengawane mili ana sangisore wit - witan, sarta bakal maringi gedhong lan panggung pirang - pirang marang sira ana ing suwarga
بَلْ كَذَّبُوا بِالسَّاعَةِ ۖ وَأَعْتَدْنَا لِمَنْ كَذَّبَ بِالسَّاعَةِ سَعِيرًا
Wong - wong kafir mau malah padha maido bakal anane dina Qiyamat. Ingsun ngancam siksa neraka sa’ir marang wong kang or apercaya bakal anane dina Qiyamat
إِذَا رَأَتْهُمْ مِنْ مَكَانٍ بَعِيدٍ سَمِعُوا لَهَا تَغَيُّظًا وَزَفِيرًا
Menawa (Malaikat Zabaniyah) penjaga neraka iku sumurup wong - wong mau saka kadoha, wong - wong mau padha krungu gembrubug suwarane lan jeritan

Choose other languages: