Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Furqan Ayahs #10 Translated in Jawa

قُلْ أَنْزَلَهُ الَّذِي يَعْلَمُ السِّرَّ فِي السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۚ إِنَّهُ كَانَ غَفُورًا رَحِيمًا
(Muhammad) sira dhawuha, "Qur’an iku diturunake (didhawuhake) dening Allah kang nguningani barang kang winadi ing langit - langit lan bumi. Satemene Panjenengane Allah iku Maha Pangapura sarta maha asih
وَقَالُوا مَالِ هَٰذَا الرَّسُولِ يَأْكُلُ الطَّعَامَ وَيَمْشِي فِي الْأَسْوَاقِ ۙ لَوْلَا أُنْزِلَ إِلَيْهِ مَلَكٌ فَيَكُونَ مَعَهُ نَذِيرًا
Lan wong - wong (kafir) mau padha ngucap, "Yagene wong kang ngaku utusane Allah iki teka mangan pepanganan lan lunga menyang pasar - pasar perlu angupa jiwa? padha wae karo aku? Yo gene ora dikandhani malaikat, supaya dadi kancane aweh pepeling (pangancam) manungsa sarta nekseni manawa temen dadi utusane Allah
أَوْ يُلْقَىٰ إِلَيْهِ كَنْزٌ أَوْ تَكُونُ لَهُ جَنَّةٌ يَأْكُلُ مِنْهَا ۚ وَقَالَ الظَّالِمُونَ إِنْ تَتَّبِعُونَ إِلَّا رَجُلًا مَسْحُورًا
Utawa amarga apa ora diparingi gedhong saka ing langit kang isi mas picis raja-brana, utawa sebab apa ora duwe palemahan (pakebonan) kang pemetune nyukupi pipangan (dadi ora susah menyang pasar). Wong - wong kafir padha ngucap marang wong mukmin, "Sira iku ora liya mung manut marang wong kang kena ing sihir
انْظُرْ كَيْفَ ضَرَبُوا لَكَ الْأَمْثَالَ فَضَلُّوا فَلَا يَسْتَطِيعُونَ سَبِيلًا
(Muhammad) mara sira andelenga wong kanfir anggone gawe upama (gegambaran) tumraping sira (ora paitis iya nekad wae). Awit saka iku wong - wong kafir iku padha kesasar, mulane padha ora pikantuk dalan marang keselametan
تَبَارَكَ الَّذِي إِنْ شَاءَ جَعَلَ لَكَ خَيْرًا مِنْ ذَٰلِكَ جَنَّاتٍ تَجْرِي مِنْ تَحْتِهَا الْأَنْهَارُ وَيَجْعَلْ لَكَ قُصُورًا
Maha Luhur Pangeran kang menawa ana kepareng kersane andamel kanggo sira (Muhammad) kang luwih becik tinimbang kang diucapake dening wong kafir mau gedong isi mas picis raja-brana, palemahan kang pemetune nyukupi. Allah bakal maringi suwarga marang sira, kang ana bengawane mili ana sangisore wit - witan, sarta bakal maringi gedhong lan panggung pirang - pirang marang sira ana ing suwarga

Choose other languages: