Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Furqan Ayahs #60 Translated in Jawa

وَمَا أَرْسَلْنَاكَ إِلَّا مُبَشِّرًا وَنَذِيرًا
Lan Ingsun ora ngutus sira (Muhammad) kajaba supaya ambebungah lan aweh pepeling, aweh bebungah marang wong kang ngestokake prentah pikatuk ganjaran suwarga, sarta midana wong kafir bakal nandhang siksa ana ing neraka
قُلْ مَا أَسْأَلُكُمْ عَلَيْهِ مِنْ أَجْرٍ إِلَّا مَنْ شَاءَ أَنْ يَتَّخِذَ إِلَىٰ رَبِّهِ سَبِيلًا
(Muhammad), sira dhawuha, "He wong kafir, anggoningsun ngundangake dhawuhe Allah iki, Ingsun ora anjaluk pituwas apa - apa. ewadene sing sapa kudu gawe dalan murih keparening Pangerane, sarana anggunakake bandha saka karepe dhewe, iya ora ana pekewuhe
وَتَوَكَّلْ عَلَى الْحَيِّ الَّذِي لَا يَمُوتُ وَسَبِّحْ بِحَمْدِهِ ۚ وَكَفَىٰ بِهِ بِذُنُوبِ عِبَادِهِ خَبِيرًا
(Muhammad) sira pasraha marang Allah kang kagungan sifat Sugeng ora kena seda, lan nyebuta Maha Suci marang ALlah, apadene memujiya mangalembana marang Panjenengane. Dene peprkara wangkote wong - wong kafir, wis cukup Allah piyambak anggone Waspada marang dosane para kawulane
الَّذِي خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ وَمَا بَيْنَهُمَا فِي سِتَّةِ أَيَّامٍ ثُمَّ اسْتَوَىٰ عَلَى الْعَرْشِ ۚ الرَّحْمَٰنُ فَاسْأَلْ بِهِ خَبِيرًا
Panjenengane Allah iku kang nitahake langit bumi lan kabeh barang kang ana ing antarane langit lan bumi laawse nem masa rampung. Panjenengane Allah kang Maha Murah nuli murba wasesa ing Kratone. He manungsa mungguh kahanane Pangeran kang Maha murah iku sira takona marang Kang wasapada
وَإِذَا قِيلَ لَهُمُ اسْجُدُوا لِلرَّحْمَٰنِ قَالُوا وَمَا الرَّحْمَٰنُ أَنَسْجُدُ لِمَا تَأْمُرُنَا وَزَادَهُمْ نُفُورًا ۩
Wong - wong kafir iku menawa diprentahi, "Sira padha sujuda marang Pangeran kang Maha Murah", banjur padha mangsuli, "Pangeran ingkang Maha Murah punapa ta? Punapa kula sujud dhumateng brang dumeh panjenengan prentahaken? La mangsa puruna" . Dadi prentah mengkono mau tumrap wong kafir malah nambahi anggone wangkot, ora gelem percaya ing Allah

Choose other languages: