Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Furqan Ayahs #18 Translated in Jawa

لَا تَدْعُوا الْيَوْمَ ثُبُورًا وَاحِدًا وَادْعُوا ثُبُورًا كَثِيرًا
(Ing kono banjur ana malaikat kang mangsuli), "Ing dina iki kowe padha tumiba ing cilaka kang ora mung siji bae, cilakamu akeh lan tumpa - tumpa
قُلْ أَذَٰلِكَ خَيْرٌ أَمْ جَنَّةُ الْخُلْدِ الَّتِي وُعِدَ الْمُتَّقُونَ ۚ كَانَتْ لَهُمْ جَزَاءً وَمَصِيرًا
(Muhammad) sira dhawuha, "Apa neraka kang kaya mengkono iku luwih becik, apa luwih becik suwarga kang langgeng, kang dianggo ngebang - ngebang wong kang padha taqwa marang Allah? Allah wis nguningani menawa suwarga iku dadi ganjarane lan panggonane wong kang padha bekti ing Allah
لَهُمْ فِيهَا مَا يَشَاءُونَ خَالِدِينَ ۚ كَانَ عَلَىٰ رَبِّكَ وَعْدًا مَسْئُولًا
Para wong mukmin ana ing suwarga bakal katurutan apa kang dikarepake, sarta padha langgeng ana ing kono. Dene pangebang - ebange (janji) kang mengkono mau, mesthi dituhoni dening Allah, apadene tansah disuwun dening para wong mukmin
وَيَوْمَ يَحْشُرُهُمْ وَمَا يَعْبُدُونَ مِنْ دُونِ اللَّهِ فَيَقُولُ أَأَنْتُمْ أَضْلَلْتُمْ عِبَادِي هَٰؤُلَاءِ أَمْ هُمْ ضَلُّوا السَّبِيلَ
(Muhammad) sira nyritakna bab dina Qiyamat, nalikane Allah angempalake para wong kafir dalah barang - barang kang disembah dening wong - wong kafir mau (yaiku brahala). Allah banur andangu, "He brahala, apa sira kang nasarake kawulaningsun samono iku, utawa apa kawulaningsun padha nasar saka dalan kang bener
قَالُوا سُبْحَانَكَ مَا كَانَ يَنْبَغِي لَنَا أَنْ نَتَّخِذَ مِنْ دُونِكَ مِنْ أَوْلِيَاءَ وَلَٰكِنْ مَتَّعْتَهُمْ وَآبَاءَهُمْ حَتَّىٰ نَسُوا الذِّكْرَ وَكَانُوا قَوْمًا بُورًا
Brahala - brahala banjur padha munjuk ing ALlah, "Maha suci Paduka, kawula boten pisan - pisan mangeran dhateng sanesipun panjenengan (kados pundi menawi kawula kamipuruna ngaken tiyang manembah dhumateng kawula)", nanging tiyang - tiyang kafir punika dalah para leluhuripun sami mboten perduli ngengeti anggenipun dados kawula Panjenengan, kalimput dening peparing Panjenengan kebingahan dhumateng pun kafir wau. Mila sapunika sami dados tiyang ingkang cilaka sanget

Choose other languages: