Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Furqan Ayahs #21 Translated in Jawa

وَيَوْمَ يَحْشُرُهُمْ وَمَا يَعْبُدُونَ مِنْ دُونِ اللَّهِ فَيَقُولُ أَأَنْتُمْ أَضْلَلْتُمْ عِبَادِي هَٰؤُلَاءِ أَمْ هُمْ ضَلُّوا السَّبِيلَ
(Muhammad) sira nyritakna bab dina Qiyamat, nalikane Allah angempalake para wong kafir dalah barang - barang kang disembah dening wong - wong kafir mau (yaiku brahala). Allah banur andangu, "He brahala, apa sira kang nasarake kawulaningsun samono iku, utawa apa kawulaningsun padha nasar saka dalan kang bener
قَالُوا سُبْحَانَكَ مَا كَانَ يَنْبَغِي لَنَا أَنْ نَتَّخِذَ مِنْ دُونِكَ مِنْ أَوْلِيَاءَ وَلَٰكِنْ مَتَّعْتَهُمْ وَآبَاءَهُمْ حَتَّىٰ نَسُوا الذِّكْرَ وَكَانُوا قَوْمًا بُورًا
Brahala - brahala banjur padha munjuk ing ALlah, "Maha suci Paduka, kawula boten pisan - pisan mangeran dhateng sanesipun panjenengan (kados pundi menawi kawula kamipuruna ngaken tiyang manembah dhumateng kawula)", nanging tiyang - tiyang kafir punika dalah para leluhuripun sami mboten perduli ngengeti anggenipun dados kawula Panjenengan, kalimput dening peparing Panjenengan kebingahan dhumateng pun kafir wau. Mila sapunika sami dados tiyang ingkang cilaka sanget
فَقَدْ كَذَّبُوكُمْ بِمَا تَقُولُونَ فَمَا تَسْتَطِيعُونَ صَرْفًا وَلَا نَصْرًا ۚ وَمَنْ يَظْلِمْ مِنْكُمْ نُذِقْهُ عَذَابًا كَبِيرًا
Pangandikane Allah, "Brahala kang sira sembah iku padha ngelaki (ora ngakoni) aturira (ora rumangsa ngaku Pangeran), dadi ora bisa murungake siksa lan ora bisa nulungi marang sira". Dene kabeh, kang mangro tingal (nganiaya), mesthi Ingsun weruhake rasane siksa kang abot ana ing akherat
وَمَا أَرْسَلْنَا قَبْلَكَ مِنَ الْمُرْسَلِينَ إِلَّا إِنَّهُمْ لَيَأْكُلُونَ الطَّعَامَ وَيَمْشُونَ فِي الْأَسْوَاقِ ۗ وَجَعَلْنَا بَعْضَكُمْ لِبَعْضٍ فِتْنَةً أَتَصْبِرُونَ ۗ وَكَانَ رَبُّكَ بَصِيرًا
Para Rasul ing jaman kuna sadurungira, kang padha Ingsun utus, kabeh mesthi padha mangan pepanganan sarta padha lumaku ana ing pasar - pasar. Dene sira iku siji - sijining wong padha Ingsun anggo nyoba marang liyane (kabegjane siji - sijining wong, nukulake kameren marang liyane). He Manungsa, apa sira padha teguh sabar nerima? Lan Pangeranmu anggatekake sakabehe
وَقَالَ الَّذِينَ لَا يَرْجُونَ لِقَاءَنَا لَوْلَا أُنْزِلَ عَلَيْنَا الْمَلَائِكَةُ أَوْ نَرَىٰ رَبَّنَا ۗ لَقَدِ اسْتَكْبَرُوا فِي أَنْفُسِهِمْ وَعَتَوْا عُتُوًّا كَبِيرًا
Lan wong - wong kang ora duwe pangarep - arep bakal sowan ing ngarsaningsun kanthi nggawa kebegjan (yaiku para wong kafir) padha celathu mengkene, "Ya gene aku ora dituruni utusan malaikat utawa diparingi weruh dzat Pangeranku klawan kasat-mata? (kang paring sumurup yen Muhammad iku utusane Allah temenan, dadi aku banjur percaya)". Wong - wong kafir mau padha gumedhe, ngluhur - luhurake awake dhewe lan padha kebangeten anggone nasar

Choose other languages: