Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Baqara Ayahs #92 Translated in Jawa

وَقَالُوا قُلُوبُنَا غُلْفٌ ۚ بَلْ لَعَنَهُمُ اللَّهُ بِكُفْرِهِمْ فَقَلِيلًا مَا يُؤْمِنُونَ
Para wong Yahudi kang munafiq padha matur, "Manah kula punika katutupan". Allah mbedoni wong munafiq mau marga anggone padha kfir. Dadi si Munafiq mau padh asethithik percayane
وَلَمَّا جَاءَهُمْ كِتَابٌ مِنْ عِنْدِ اللَّهِ مُصَدِّقٌ لِمَا مَعَهُمْ وَكَانُوا مِنْ قَبْلُ يَسْتَفْتِحُونَ عَلَى الَّذِينَ كَفَرُوا فَلَمَّا جَاءَهُمْ مَا عَرَفُوا كَفَرُوا بِهِ ۚ فَلَعْنَةُ اللَّهِ عَلَى الْكَافِرِينَ
Bareng wong Yahudi padha katekan kitab al-Qur’an saka ngarsane Allah, kang cocog lan mbenerake kitab Taurat, cecekelane wong Yahudi, tur sadurunge katekan al-Qur’an wong Yahudi mau padha ngajab, olehe pitulung ngalahake para wong kafir, bareng Nabi wis diweruhe klawan weca mau jumeneg, dheweke padha kafir maido ing Nabi (Muhammad) mau, bebendunging Allah tetep marang wong kafir
بِئْسَمَا اشْتَرَوْا بِهِ أَنْفُسَهُمْ أَنْ يَكْفُرُوا بِمَا أَنْزَلَ اللَّهُ بَغْيًا أَنْ يُنَزِّلَ اللَّهُ مِنْ فَضْلِهِ عَلَىٰ مَنْ يَشَاءُ مِنْ عِبَادِهِ ۖ فَبَاءُوا بِغَضَبٍ عَلَىٰ غَضَبٍ ۚ وَلِلْكَافِرِينَ عَذَابٌ مُهِينٌ
Ala temen wong Yahudi anggone padha ngedol awake dilirokake, maido al-Qur’an kang wis didhawuhake dening Allah, anggone mengkono mau mung saka drengki. Dene Allah teka maringake kanugrahane marang sawenehing para kawulane, kang dadi kaparenging kersane mulane dhewek mau padha tetep kena bebendhu kang tinungka ing benendu maneh sarupane wong kafir mesthi oleh siksa kang ngesorake awake
وَإِذَا قِيلَ لَهُمْ آمِنُوا بِمَا أَنْزَلَ اللَّهُ قَالُوا نُؤْمِنُ بِمَا أُنْزِلَ عَلَيْنَا وَيَكْفُرُونَ بِمَا وَرَاءَهُ وَهُوَ الْحَقُّ مُصَدِّقًا لِمَا مَعَهُمْ ۗ قُلْ فَلِمَ تَقْتُلُونَ أَنْبِيَاءَ اللَّهِ مِنْ قَبْلُ إِنْ كُنْتُمْ مُؤْمِنِينَ
Nalikane wong Yahudi padha didhawuhi, "Sira padha percaya ngestokna al-Qur’an kang wis didhawuhake dening Allah", wangsulane, "Kita sami pitados ngestokaken kitab Taurat ingkang sampun dipun dhawuhaken dhumateng kita." Wong Yahudi mau padha maido kitab kang didhawuhake sawise taurat, kang mangka kitab kang didhawuhake sawise taurat iku kang bener, cocok kato wecane taurat, cecekelane si Yahudi. (Muhammad) sira dhawuha, "Yen temen sira padha percaya, ngestokake kitab padha nyedani para Nabining Allah
وَلَقَدْ جَاءَكُمْ مُوسَىٰ بِالْبَيِّنَاتِ ثُمَّ اتَّخَذْتُمُ الْعِجْلَ مِنْ بَعْدِهِ وَأَنْتُمْ ظَالِمُونَ
Satemene Nabi Musa wis ngrawuhi sira kanthi tanda yekti kasekten pirang-pirang, sapungkure Nabi Musa sowan ngarsaning Pangeran, sira banjur ngedegake (gawe) pangeran awujud sapi. Sira padha nganiaya marang awake dhewe

Choose other languages: