Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Baqara Ayahs #280 Translated in Jawa

يَمْحَقُ اللَّهُ الرِّبَا وَيُرْبِي الصَّدَقَاتِ ۗ وَاللَّهُ لَا يُحِبُّ كُلَّ كَفَّارٍ أَثِيمٍ
Allah nyirnakake berkahing riba lan nikelake berhaing sadaqah. Dene Allah iku ora remen marang sakehing wong kang padha kafir tur dosa
إِنَّ الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَأَقَامُوا الصَّلَاةَ وَآتَوُا الزَّكَاةَ لَهُمْ أَجْرُهُمْ عِنْدَ رَبِّهِمْ وَلَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُونَ
Satemene wong kang padha mukmin lan padha nindakake kabecikan sarta padha nindakake (ngedegake) sholat lan padha mbayar zakat, bakal padha nampa ganjaran saka ngarsane Pangerane lan ora duwe rasa kuwatir sarta susah
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَذَرُوا مَا بَقِيَ مِنَ الرِّبَا إِنْ كُنْتُمْ مُؤْمِنِينَ
Para Mukmin kabeh, sira padha bektia ing Allah, lan nyingkirana kekerane riba, manawa sira padha percaya
فَإِنْ لَمْ تَفْعَلُوا فَأْذَنُوا بِحَرْبٍ مِنَ اللَّهِ وَرَسُولِهِ ۖ وَإِنْ تُبْتُمْ فَلَكُمْ رُءُوسُ أَمْوَالِكُمْ لَا تَظْلِمُونَ وَلَا تُظْلَمُونَ
Dene yen sira ora padha ngestokake, sira padha weruh menawa Allah lan Utusane bakal merangi sira kabeh, Nanging yen sira padha gelem taubat, sira padha lestari nduweni pokoking bandhanira, (dadi) sira padha ora nganiaya lan ora bakal dianiaya
وَإِنْ كَانَ ذُو عُسْرَةٍ فَنَظِرَةٌ إِلَىٰ مَيْسَرَةٍ ۚ وَأَنْ تَصَدَّقُوا خَيْرٌ لَكُمْ ۖ إِنْ كُنْتُمْ تَعْلَمُونَ
Dene menawa ana wong mlarat nandhang utang, iku sira wajib kudu nyrantekake nganti tekan bisane nyaur. Ewadene yen potangira mau mbanjur sira wnehake (lilakake) iku luwih becik, yen sira weruh iku becik sira tindakna

Choose other languages: