Surah Al-Baqara Ayahs #283 Translated in Jawa
فَإِنْ لَمْ تَفْعَلُوا فَأْذَنُوا بِحَرْبٍ مِنَ اللَّهِ وَرَسُولِهِ ۖ وَإِنْ تُبْتُمْ فَلَكُمْ رُءُوسُ أَمْوَالِكُمْ لَا تَظْلِمُونَ وَلَا تُظْلَمُونَ
Dene yen sira ora padha ngestokake, sira padha weruh menawa Allah lan Utusane bakal merangi sira kabeh, Nanging yen sira padha gelem taubat, sira padha lestari nduweni pokoking bandhanira, (dadi) sira padha ora nganiaya lan ora bakal dianiaya
وَإِنْ كَانَ ذُو عُسْرَةٍ فَنَظِرَةٌ إِلَىٰ مَيْسَرَةٍ ۚ وَأَنْ تَصَدَّقُوا خَيْرٌ لَكُمْ ۖ إِنْ كُنْتُمْ تَعْلَمُونَ
Dene menawa ana wong mlarat nandhang utang, iku sira wajib kudu nyrantekake nganti tekan bisane nyaur. Ewadene yen potangira mau mbanjur sira wnehake (lilakake) iku luwih becik, yen sira weruh iku becik sira tindakna
وَاتَّقُوا يَوْمًا تُرْجَعُونَ فِيهِ إِلَى اللَّهِ ۖ ثُمَّ تُوَفَّىٰ كُلُّ نَفْسٍ مَا كَسَبَتْ وَهُمْ لَا يُظْلَمُونَ
Lan sira padha wediya ing dina (Qiyamat), ing kono sira padha disowanake marang ngarsane Allah, nuli siji-sijining awak padha diwales miturut kang padha ditindakake lan dheweke ora bakal dianiaya
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا إِذَا تَدَايَنْتُمْ بِدَيْنٍ إِلَىٰ أَجَلٍ مُسَمًّى فَاكْتُبُوهُ ۚ وَلْيَكْتُبْ بَيْنَكُمْ كَاتِبٌ بِالْعَدْلِ ۚ وَلَا يَأْبَ كَاتِبٌ أَنْ يَكْتُبَ كَمَا عَلَّمَهُ اللَّهُ ۚ فَلْيَكْتُبْ وَلْيُمْلِلِ الَّذِي عَلَيْهِ الْحَقُّ وَلْيَتَّقِ اللَّهَ رَبَّهُ وَلَا يَبْخَسْ مِنْهُ شَيْئًا ۚ فَإِنْ كَانَ الَّذِي عَلَيْهِ الْحَقُّ سَفِيهًا أَوْ ضَعِيفًا أَوْ لَا يَسْتَطِيعُ أَنْ يُمِلَّ هُوَ فَلْيُمْلِلْ وَلِيُّهُ بِالْعَدْلِ ۚ وَاسْتَشْهِدُوا شَهِيدَيْنِ مِنْ رِجَالِكُمْ ۖ فَإِنْ لَمْ يَكُونَا رَجُلَيْنِ فَرَجُلٌ وَامْرَأَتَانِ مِمَّنْ تَرْضَوْنَ مِنَ الشُّهَدَاءِ أَنْ تَضِلَّ إِحْدَاهُمَا فَتُذَكِّرَ إِحْدَاهُمَا الْأُخْرَىٰ ۚ وَلَا يَأْبَ الشُّهَدَاءُ إِذَا مَا دُعُوا ۚ وَلَا تَسْأَمُوا أَنْ تَكْتُبُوهُ صَغِيرًا أَوْ كَبِيرًا إِلَىٰ أَجَلِهِ ۚ ذَٰلِكُمْ أَقْسَطُ عِنْدَ اللَّهِ وَأَقْوَمُ لِلشَّهَادَةِ وَأَدْنَىٰ أَلَّا تَرْتَابُوا ۖ إِلَّا أَنْ تَكُونَ تِجَارَةً حَاضِرَةً تُدِيرُونَهَا بَيْنَكُمْ فَلَيْسَ عَلَيْكُمْ جُنَاحٌ أَلَّا تَكْتُبُوهَا ۗ وَأَشْهِدُوا إِذَا تَبَايَعْتُمْ ۚ وَلَا يُضَارَّ كَاتِبٌ وَلَا شَهِيدٌ ۚ وَإِنْ تَفْعَلُوا فَإِنَّهُ فُسُوقٌ بِكُمْ ۗ وَاتَّقُوا اللَّهَ ۖ وَيُعَلِّمُكُمُ اللَّهُ ۗ وَاللَّهُ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيمٌ
Para wong mukmin kabeh, menawa risa padha nyambut gawe nganggo potang sarta wis tekan semayane, padha sira tulisen. Dene para jurutulis nulise perjanjianira kelawansak benere (adil), lan maneh jurutulis aja emoh panulisa miturut dhawuhe Allah kang tumrap marang jurutulis mau, mulane tulisan sak perlune. Dene wong kang nandhang utang, ngrungokna unining tulisane, lan bektiya ing Allah, yen nganti nyelaki, lan aja wani-wani ngurangi utange senajan mung sethithik. Dene manawa wong apes utawa ora bisa ngrungokake, iku waline bae ngrungokna kelawan sak benere. Lan padha neksekna anggonira potang mau nganggo seksi loro kang padha lanange, dene yen saksi mau ora ana wong lanang loro, kena nganggo wong lanang siji sarta wong wadon loro kang padha kena dadi saksi supaya yen saksi kang siji lali, seksi sijine mbanjur ngelingake marang seksi liyane. Para seksi aja emoh yen padha diundang, lan aja bosen nulis barang kang padha sira sekseni, utang mau cilik gedhe tulisna wektune semaya. Mungguhing Allah, utang nganggo ditulisi iku luwih dening bener lan nulung banget marang jejeging seksi, apa dene cedhak banget marang ilaning kamamanganira, kajaba yen dagangan kang diadhep sarta anggonira, tampan tinampan kelawan kenceng iku ora ana pakewuhe tanpa sira tulisi. Dadi jurutulis lan seksi padha ora magepokan perkara iku, ewadene manawa sira padha dol-tinuku prayogane padha neksekna. Dene manawa sira padha nerak larangan mau sira padha dadi wong fasiq lan sira padha bektia ing Allah. Allah wis maringi sumurup ing sira kabeh, dene Allah iku Ngudaneni marang samu barang
وَإِنْ كُنْتُمْ عَلَىٰ سَفَرٍ وَلَمْ تَجِدُوا كَاتِبًا فَرِهَانٌ مَقْبُوضَةٌ ۖ فَإِنْ أَمِنَ بَعْضُكُمْ بَعْضًا فَلْيُؤَدِّ الَّذِي اؤْتُمِنَ أَمَانَتَهُ وَلْيَتَّقِ اللَّهَ رَبَّهُ ۗ وَلَا تَكْتُمُوا الشَّهَادَةَ ۚ وَمَنْ يَكْتُمْهَا فَإِنَّهُ آثِمٌ قَلْبُهُ ۗ وَاللَّهُ بِمَا تَعْمَلُونَ عَلِيمٌ
Lan manawa sira ana sajeroning lelungan, kang mangka sira ora pikantuk jurutulis, kena nganggo cecekelan (gadhen) kang tinampanan. Dene menawa sawenehira percaya marang liyane, wong kang dipercaya mau nuhonana mbalekake barang kang dipercayakake, lan bektia ing Allah Pangerane, apa dene anggonira njlentrehake dadi seksi aja nganggo ngumpetake anggonira nekseni iku atine dosa. Dene Allah iku Ngudaneni marang barang kang sira tindakake
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
