Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Baqara Ayahs #279 Translated in Jawa

الَّذِينَ يَأْكُلُونَ الرِّبَا لَا يَقُومُونَ إِلَّا كَمَا يَقُومُ الَّذِي يَتَخَبَّطُهُ الشَّيْطَانُ مِنَ الْمَسِّ ۚ ذَٰلِكَ بِأَنَّهُمْ قَالُوا إِنَّمَا الْبَيْعُ مِثْلُ الرِّبَا ۗ وَأَحَلَّ اللَّهُ الْبَيْعَ وَحَرَّمَ الرِّبَا ۚ فَمَنْ جَاءَهُ مَوْعِظَةٌ مِنْ رَبِّهِ فَانْتَهَىٰ فَلَهُ مَا سَلَفَ وَأَمْرُهُ إِلَى اللَّهِ ۖ وَمَنْ عَادَ فَأُولَٰئِكَ أَصْحَابُ النَّارِ ۖ هُمْ فِيهَا خَالِدُونَ
Wong kang padha mangan riba (keladuk) ora bakal padha tangi (saka kubur) kajaba kaya tangine wong kang kranjingan syetan, jalaran owah akale, mangkono iku amarga wong padha matur, "sayektos sade-tinumbas punika sami kemawon kaliyan riba", Allah ngendika, "Allah nglilani marang wong kang dol-tinuku, sarta nglarangi (ngaramake) riba". Dene sing sapa pikantuk piwulang saka Pangerane, dhweke mbanjur gelem mareni (ngestokake), iku barang kang wis kebacut mau bakal diapura, mungguh bab pangapurane iku konjuk ing Allah. Nanging sing sapa mbanjur bali maneh (ngribakake) wong kang mangkono iki padha duweni neraka lan padha langgeng ana ing kono
يَمْحَقُ اللَّهُ الرِّبَا وَيُرْبِي الصَّدَقَاتِ ۗ وَاللَّهُ لَا يُحِبُّ كُلَّ كَفَّارٍ أَثِيمٍ
Allah nyirnakake berkahing riba lan nikelake berhaing sadaqah. Dene Allah iku ora remen marang sakehing wong kang padha kafir tur dosa
إِنَّ الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَأَقَامُوا الصَّلَاةَ وَآتَوُا الزَّكَاةَ لَهُمْ أَجْرُهُمْ عِنْدَ رَبِّهِمْ وَلَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُونَ
Satemene wong kang padha mukmin lan padha nindakake kabecikan sarta padha nindakake (ngedegake) sholat lan padha mbayar zakat, bakal padha nampa ganjaran saka ngarsane Pangerane lan ora duwe rasa kuwatir sarta susah
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَذَرُوا مَا بَقِيَ مِنَ الرِّبَا إِنْ كُنْتُمْ مُؤْمِنِينَ
Para Mukmin kabeh, sira padha bektia ing Allah, lan nyingkirana kekerane riba, manawa sira padha percaya
فَإِنْ لَمْ تَفْعَلُوا فَأْذَنُوا بِحَرْبٍ مِنَ اللَّهِ وَرَسُولِهِ ۖ وَإِنْ تُبْتُمْ فَلَكُمْ رُءُوسُ أَمْوَالِكُمْ لَا تَظْلِمُونَ وَلَا تُظْلَمُونَ
Dene yen sira ora padha ngestokake, sira padha weruh menawa Allah lan Utusane bakal merangi sira kabeh, Nanging yen sira padha gelem taubat, sira padha lestari nduweni pokoking bandhanira, (dadi) sira padha ora nganiaya lan ora bakal dianiaya

Choose other languages: