Surah Al-Baqara Ayahs #276 Translated in Jawa
لَيْسَ عَلَيْكَ هُدَاهُمْ وَلَٰكِنَّ اللَّهَ يَهْدِي مَنْ يَشَاءُ ۗ وَمَا تُنْفِقُوا مِنْ خَيْرٍ فَلِأَنْفُسِكُمْ ۚ وَمَا تُنْفِقُونَ إِلَّا ابْتِغَاءَ وَجْهِ اللَّهِ ۚ وَمَا تُنْفِقُوا مِنْ خَيْرٍ يُوَفَّ إِلَيْكُمْ وَأَنْتُمْ لَا تُظْلَمُونَ
Dudu kewajibanira (Muhammad) nuduhake wong-wong kafir, nanging Allah piyambak nuduhake marang wong kang dikersakake. Lan barang kang sira dermakake saka kebecikan, ganjarane marang sira dhewe. Dene anggonira dermakake bandhanira aja mawa pamrih kajaba ngarep-arep (ngupaya) karidhane Allah. Dene anggonira dermakake bandhanira kang becik, iku ganjarane bakal diparingake marang sira, lan sira ora bakal dianiaya
لِلْفُقَرَاءِ الَّذِينَ أُحْصِرُوا فِي سَبِيلِ اللَّهِ لَا يَسْتَطِيعُونَ ضَرْبًا فِي الْأَرْضِ يَحْسَبُهُمُ الْجَاهِلُ أَغْنِيَاءَ مِنَ التَّعَفُّفِ تَعْرِفُهُمْ بِسِيمَاهُمْ لَا يَسْأَلُونَ النَّاسَ إِلْحَافًا ۗ وَمَا تُنْفِقُوا مِنْ خَيْرٍ فَإِنَّ اللَّهَ بِهِ عَلِيمٌ
(Paweweh utawa sidkah) mau diparingake marang wong fakir, kang padha perang ing dalane Allah (sabilillah), padha ora bisa lumaku ngupaya pangupa jiwa ana ing bumi. Wong kang padha ora weruh padha ngira yen wong iku padha sugih, marga ketara anggone padha perwira (ora gelem njejaluk) sira weruh yen wong mau temen padha miskin, padha ora gelem njejaluk marang manungsa. Dene anggonira padha dermakake saka barang kang becik iku satemene Allah Maha Ngudaneni
الَّذِينَ يُنْفِقُونَ أَمْوَالَهُمْ بِاللَّيْلِ وَالنَّهَارِ سِرًّا وَعَلَانِيَةً فَلَهُمْ أَجْرُهُمْ عِنْدَ رَبِّهِمْ وَلَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُونَ
Dene wong kang nanjakake (ndermakake) bandhane ana ing wayah bengi lan awan, kelawan delikan lan ngedheng, wong mau bakal padha tampa ganjaran ana ngarsane Pangerane, lan ora duwe rasa kuwatir apa-apa sarta padha ora duwe rasa susah
الَّذِينَ يَأْكُلُونَ الرِّبَا لَا يَقُومُونَ إِلَّا كَمَا يَقُومُ الَّذِي يَتَخَبَّطُهُ الشَّيْطَانُ مِنَ الْمَسِّ ۚ ذَٰلِكَ بِأَنَّهُمْ قَالُوا إِنَّمَا الْبَيْعُ مِثْلُ الرِّبَا ۗ وَأَحَلَّ اللَّهُ الْبَيْعَ وَحَرَّمَ الرِّبَا ۚ فَمَنْ جَاءَهُ مَوْعِظَةٌ مِنْ رَبِّهِ فَانْتَهَىٰ فَلَهُ مَا سَلَفَ وَأَمْرُهُ إِلَى اللَّهِ ۖ وَمَنْ عَادَ فَأُولَٰئِكَ أَصْحَابُ النَّارِ ۖ هُمْ فِيهَا خَالِدُونَ
Wong kang padha mangan riba (keladuk) ora bakal padha tangi (saka kubur) kajaba kaya tangine wong kang kranjingan syetan, jalaran owah akale, mangkono iku amarga wong padha matur, "sayektos sade-tinumbas punika sami kemawon kaliyan riba", Allah ngendika, "Allah nglilani marang wong kang dol-tinuku, sarta nglarangi (ngaramake) riba". Dene sing sapa pikantuk piwulang saka Pangerane, dhweke mbanjur gelem mareni (ngestokake), iku barang kang wis kebacut mau bakal diapura, mungguh bab pangapurane iku konjuk ing Allah. Nanging sing sapa mbanjur bali maneh (ngribakake) wong kang mangkono iki padha duweni neraka lan padha langgeng ana ing kono
يَمْحَقُ اللَّهُ الرِّبَا وَيُرْبِي الصَّدَقَاتِ ۗ وَاللَّهُ لَا يُحِبُّ كُلَّ كَفَّارٍ أَثِيمٍ
Allah nyirnakake berkahing riba lan nikelake berhaing sadaqah. Dene Allah iku ora remen marang sakehing wong kang padha kafir tur dosa
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
