Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Baqara Ayahs #270 Translated in Jawa

أَيَوَدُّ أَحَدُكُمْ أَنْ تَكُونَ لَهُ جَنَّةٌ مِنْ نَخِيلٍ وَأَعْنَابٍ تَجْرِي مِنْ تَحْتِهَا الْأَنْهَارُ لَهُ فِيهَا مِنْ كُلِّ الثَّمَرَاتِ وَأَصَابَهُ الْكِبَرُ وَلَهُ ذُرِّيَّةٌ ضُعَفَاءُ فَأَصَابَهَا إِعْصَارٌ فِيهِ نَارٌ فَاحْتَرَقَتْ ۗ كَذَٰلِكَ يُبَيِّنُ اللَّهُ لَكُمُ الْآيَاتِ لَعَلَّكُمْ تَتَفَكَّرُونَ
(He wong kang padha riya’ ) Sira apa padha seneng duweni kebon kurma lan anggur, kang ngisore ana kaline mili, sarta nduweni sarupane woh-wohan (wulu pametu) isining kebon mau, kang duwe kebon mau tumeka pikun iya duwe turun, nanging padha apes ora bisa ngopeni kebonne mau. Pakebonan mau mbanjur ketrajang prahara mawa geni, wasana mbanjur kobong, Mangkono iku Allah nerangake ayat-ayate marang sira kabeh, supaya sira padha gelem mikir
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا أَنْفِقُوا مِنْ طَيِّبَاتِ مَا كَسَبْتُمْ وَمِمَّا أَخْرَجْنَا لَكُمْ مِنَ الْأَرْضِ ۖ وَلَا تَيَمَّمُوا الْخَبِيثَ مِنْهُ تُنْفِقُونَ وَلَسْتُمْ بِآخِذِيهِ إِلَّا أَنْ تُغْمِضُوا فِيهِ ۚ وَاعْلَمُوا أَنَّ اللَّهَ غَنِيٌّ حَمِيدٌ
Para mukmin kabeh, sira padha nanjakna (ndermakna) saka bandha kang becik-becik anggonira nyambut gawe, lan wulu pametune bumi kang wis Ingsun parengake marang sira kabeh. Bandha mau aja sira pilihake kang ala (tampikan) kang mongka sira ora gelem njupuk kang ala mau kajab yen panjupukira kanthi merem, lan sira padha sumurupa satemene Allah iku Maha Sugih sarta Maha Pinuji
الشَّيْطَانُ يَعِدُكُمُ الْفَقْرَ وَيَأْمُرُكُمْ بِالْفَحْشَاءِ ۖ وَاللَّهُ يَعِدُكُمْ مَغْفِرَةً مِنْهُ وَفَضْلًا ۗ وَاللَّهُ وَاسِعٌ عَلِيمٌ
Syetan memedeni Sira, bakal kemlaratan sarta printah nglakoni ala. Dene Allah paring janji pangapura lan Kanugrahan marang sira. Allah maha Jembar sarta Maha ngudaneni
يُؤْتِي الْحِكْمَةَ مَنْ يَشَاءُ ۚ وَمَنْ يُؤْتَ الْحِكْمَةَ فَقَدْ أُوتِيَ خَيْرًا كَثِيرًا ۗ وَمَا يَذَّكَّرُ إِلَّا أُولُو الْأَلْبَابِ
Allah paring kawicaksanan marang wong kang dadi keparenging kersane. Dene sapa wonge diparingi kawicaksanan, iku temen diparingi kabecikan kang akeh. Ewadene ora ana kang ngelingi kang mengkono mau kajaba wong kang padha duwe akal
وَمَا أَنْفَقْتُمْ مِنْ نَفَقَةٍ أَوْ نَذَرْتُمْ مِنْ نَذْرٍ فَإِنَّ اللَّهَ يَعْلَمُهُ ۗ وَمَا لِلظَّالِمِينَ مِنْ أَنْصَارٍ
Dene sakehing barang kang sira dermakake utawa barang kang sira nggo nuhoni nadzarira (sedya), satemene Allah iku Ngudaneni. Dene wong kang padha nganiaya iku ora bakal pikantuk pitulung

Choose other languages: