Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Baqara Ayahs #251 Translated in Jawa

وَقَالَ لَهُمْ نَبِيُّهُمْ إِنَّ اللَّهَ قَدْ بَعَثَ لَكُمْ طَالُوتَ مَلِكًا ۚ قَالُوا أَنَّىٰ يَكُونُ لَهُ الْمُلْكُ عَلَيْنَا وَنَحْنُ أَحَقُّ بِالْمُلْكِ مِنْهُ وَلَمْ يُؤْتَ سَعَةً مِنَ الْمَالِ ۚ قَالَ إِنَّ اللَّهَ اصْطَفَاهُ عَلَيْكُمْ وَزَادَهُ بَسْطَةً فِي الْعِلْمِ وَالْجِسْمِ ۖ وَاللَّهُ يُؤْتِي مُلْكَهُ مَنْ يَشَاءُ ۚ وَاللَّهُ وَاسِعٌ عَلِيمٌ
Nabine wong Bani Israil mau dhawuh mangkene: "Temen Allah wis ngutus ing Thalut dadi raja tumrap sira kabeh". Wong Bani Israil mau mbanjur matur, "Kados pundi dene pun Thalut teka dados ratu mrentah dhumateng kita, kang mangka leresipun kita punika langkung prayogi dados ratu tinimbang Thalut mboten diparingi sugih arta". Pangandikane Nabi, "Satemene Allah wis milih Thalut ngratoni lan mrintah ing sira kabeh, lan Allah nambahi jembaring kaweruhe marang ilmu, kerato, sarta sembadaning badane, Allah iku maringake keratone marang wong kang dadi keparenging kersane. Dene Allah iku Maha Jembar sarta Ngudaneni
وَقَالَ لَهُمْ نَبِيُّهُمْ إِنَّ آيَةَ مُلْكِهِ أَنْ يَأْتِيَكُمُ التَّابُوتُ فِيهِ سَكِينَةٌ مِنْ رَبِّكُمْ وَبَقِيَّةٌ مِمَّا تَرَكَ آلُ مُوسَىٰ وَآلُ هَارُونَ تَحْمِلُهُ الْمَلَائِكَةُ ۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَةً لَكُمْ إِنْ كُنْتُمْ مُؤْمِنِينَ
Nabine wong Bani Israil mau dhawuh maneh: "Satemene kang dadi tandha yekti yen Thalut iku dikersakake dadi Raja iku bakal ana pethi teka mrene, isi sakinah (katentreman) saka Pangeranira. lan isi pusaka tetinggalan keluargane Nabi Musa lan keluargane Nabi Harun, dipikul dening para Malaikat. Satemene kang mengkono mau dadi tandha yekti tumrap sira kabeh, yen nyata sira iku padha percaya
فَلَمَّا فَصَلَ طَالُوتُ بِالْجُنُودِ قَالَ إِنَّ اللَّهَ مُبْتَلِيكُمْ بِنَهَرٍ فَمَنْ شَرِبَ مِنْهُ فَلَيْسَ مِنِّي وَمَنْ لَمْ يَطْعَمْهُ فَإِنَّهُ مِنِّي إِلَّا مَنِ اغْتَرَفَ غُرْفَةً بِيَدِهِ ۚ فَشَرِبُوا مِنْهُ إِلَّا قَلِيلًا مِنْهُمْ ۚ فَلَمَّا جَاوَزَهُ هُوَ وَالَّذِينَ آمَنُوا مَعَهُ قَالُوا لَا طَاقَةَ لَنَا الْيَوْمَ بِجَالُوتَ وَجُنُودِهِ ۚ قَالَ الَّذِينَ يَظُنُّونَ أَنَّهُمْ مُلَاقُو اللَّهِ كَمْ مِنْ فِئَةٍ قَلِيلَةٍ غَلَبَتْ فِئَةً كَثِيرَةً بِإِذْنِ اللَّهِ ۗ وَاللَّهُ مَعَ الصَّابِرِينَ
Bareng Raja Thalut miyos ngangsahake wadyabalane, paring pangandika mangkene, "Satemene Allah kersa nyoba marang sira kabeh sarana (banyune) bengawan. Sing sapa ngombe banyu bengawan mau, ora bakal dadi kancaku, kajaba wong kang mung nyuwuk banyu nganggo tangane". Para wadya bala mau nuli padha ngombe saka bengawan, kajaba mung sethithik kang ora ngombe. Bareng Raja Thalut sak balane kang padha mukmin wis nyabrang ing bengawan wong kang padha ngombe ing bengawan mau padha matur, "Ing dinten punika kita sadaya mbiten saged badhe nanggulangi perangipun Raja Jalut sak wadyabalanipun". Dene wong kang padha percaya yen bakal padha suwan ing ngarsane Allah padha matur, "Akeh golongan sethithik bisa nglindhih (ngalahake) golongan akeh kelawan izining Allah. Dene Allah iku jangkung marang wong kang padha sabar
وَلَمَّا بَرَزُوا لِجَالُوتَ وَجُنُودِهِ قَالُوا رَبَّنَا أَفْرِغْ عَلَيْنَا صَبْرًا وَثَبِّتْ أَقْدَامَنَا وَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِينَ
Bareng Raja Thalut saka balane wis adhep-adhepan karo Raja Jalut sak balane, Raja Thalut sak balane banjur nyuwun marang Allah, "Dhuh Allah, panjenengan mugi ngestokaken kesabaran ing manah kawula, sarta mugi netepaken delamakan kawula, lan mugi paring pitulungan dhumateng kawula ngawonaken dhateng sedaya tiyang kafir
فَهَزَمُوهُمْ بِإِذْنِ اللَّهِ وَقَتَلَ دَاوُودُ جَالُوتَ وَآتَاهُ اللَّهُ الْمُلْكَ وَالْحِكْمَةَ وَعَلَّمَهُ مِمَّا يَشَاءُ ۗ وَلَوْلَا دَفْعُ اللَّهِ النَّاسَ بَعْضَهُمْ بِبَعْضٍ لَفَسَدَتِ الْأَرْضُ وَلَٰكِنَّ اللَّهَ ذُو فَضْلٍ عَلَى الْعَالَمِينَ
Awit saking pikantukidining Allah, Raja Thalut sak balane bisa menang, ngusir Raja Jalut sak balane, lan Dawus bisa mateni Jalut, lan Allah maringi kraton sarta kawicaksanaan marang Dawud sarta maringi pirsa barang kang dadi keparengen kersane marang Dawud. Saupama Allah ora nulak para manungsa kelawan sak wenehe, mesthi bumi iki rusak. Ananging Allah iku kagungan Kanugrahan marang wong alam kabeh

Choose other languages: