Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Baqara Ayahs #234 Translated in Jawa

فَإِنْ طَلَّقَهَا فَلَا تَحِلُّ لَهُ مِنْ بَعْدُ حَتَّىٰ تَنْكِحَ زَوْجًا غَيْرَهُ ۗ فَإِنْ طَلَّقَهَا فَلَا جُنَاحَ عَلَيْهِمَا أَنْ يَتَرَاجَعَا إِنْ ظَنَّا أَنْ يُقِيمَا حُدُودَ اللَّهِ ۗ وَتِلْكَ حُدُودُ اللَّهِ يُبَيِّنُهَا لِقَوْمٍ يَعْلَمُونَ
Dene menawa dheweke mau mbanjur megat marang rabine (dadi wus talaq telu) wong wadon mau ora kena dirabeni maneh kajaba yen wis omah-omah karo bojo liyane. Dene yen wis dipegat ing bojo kang kapindho mau, ora ana pakewuhe omah-omah (balen) karo bojone lawas, semono iku yen padha duwe pangira yen bakal padha netepi ing wates-watese Allah. Mengkono iki wates-watese Allah. Panjenengane nerangake marang para kaum kang padha mangerti
وَإِذَا طَلَّقْتُمُ النِّسَاءَ فَبَلَغْنَ أَجَلَهُنَّ فَأَمْسِكُوهُنَّ بِمَعْرُوفٍ أَوْ سَرِّحُوهُنَّ بِمَعْرُوفٍ ۚ وَلَا تُمْسِكُوهُنَّ ضِرَارًا لِتَعْتَدُوا ۚ وَمَنْ يَفْعَلْ ذَٰلِكَ فَقَدْ ظَلَمَ نَفْسَهُ ۚ وَلَا تَتَّخِذُوا آيَاتِ اللَّهِ هُزُوًا ۚ وَاذْكُرُوا نِعْمَتَ اللَّهِ عَلَيْكُمْ وَمَا أَنْزَلَ عَلَيْكُمْ مِنَ الْكِتَابِ وَالْحِكْمَةِ يَعِظُكُمْ بِهِ ۚ وَاتَّقُوا اللَّهَ وَاعْلَمُوا أَنَّ اللَّهَ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيمٌ
Lan nalikane sira padha megat ing wong-wong wadon (rabinira) mangka wis cedhak mangsane ’iddah, iku sira mengkuwa maneh kelawan becik utawa uculna uga kelawan becik, lan pamengkunira marang wong wadon mau aja kelawan sumedya gawe sengsara, nandukake piala. Dene sing sapa nglakoni penggawe mangkono mau mesthi nganiaya marang awake dhewe. Lan sira aja nganggo geguyon marang ayat-ayating Allah, lan padha elinga marang nikmating Allah kang wis diparingake marang sira lan padha elinga Kitab (Qur’an) sarta hikmah kang wis diturunake dening Allah marang sira minangka piwulang marang sira. Lan sira padha wediya ing Allah lan padha sumurupa manawa ALlah iku Maha Ngudaneni samubarang kabeh
وَإِذَا طَلَّقْتُمُ النِّسَاءَ فَبَلَغْنَ أَجَلَهُنَّ فَلَا تَعْضُلُوهُنَّ أَنْ يَنْكِحْنَ أَزْوَاجَهُنَّ إِذَا تَرَاضَوْا بَيْنَهُمْ بِالْمَعْرُوفِ ۗ ذَٰلِكَ يُوعَظُ بِهِ مَنْ كَانَ مِنْكُمْ يُؤْمِنُ بِاللَّهِ وَالْيَوْمِ الْآخِرِ ۗ ذَٰلِكُمْ أَزْكَىٰ لَكُمْ وَأَطْهَرُ ۗ وَاللَّهُ يَعْلَمُ وَأَنْتُمْ لَا تَعْلَمُونَ
Menawa sira padha megat para wadonira, mongka siwadon wis rampung waktu wawangene, aja sira angalang-alangi yen arep padha laki bojo-bojone, manawa sakarone wis padha trimane, kalawan cara kang becik, mangkono iku kanggo mituturi sira sapa sing angestu ing Allah lan dina akhir, mangkono iku tumrape sira luwih makolehi lan luwih resik, lan Alah iku ngudaneni lan sira iku padha ora weruh
وَالْوَالِدَاتُ يُرْضِعْنَ أَوْلَادَهُنَّ حَوْلَيْنِ كَامِلَيْنِ ۖ لِمَنْ أَرَادَ أَنْ يُتِمَّ الرَّضَاعَةَ ۚ وَعَلَى الْمَوْلُودِ لَهُ رِزْقُهُنَّ وَكِسْوَتُهُنَّ بِالْمَعْرُوفِ ۚ لَا تُكَلَّفُ نَفْسٌ إِلَّا وُسْعَهَا ۚ لَا تُضَارَّ وَالِدَةٌ بِوَلَدِهَا وَلَا مَوْلُودٌ لَهُ بِوَلَدِهِ ۚ وَعَلَى الْوَارِثِ مِثْلُ ذَٰلِكَ ۗ فَإِنْ أَرَادَا فِصَالًا عَنْ تَرَاضٍ مِنْهُمَا وَتَشَاوُرٍ فَلَا جُنَاحَ عَلَيْهِمَا ۗ وَإِنْ أَرَدْتُمْ أَنْ تَسْتَرْضِعُوا أَوْلَادَكُمْ فَلَا جُنَاحَ عَلَيْكُمْ إِذَا سَلَّمْتُمْ مَا آتَيْتُمْ بِالْمَعْرُوفِ ۗ وَاتَّقُوا اللَّهَ وَاعْلَمُوا أَنَّ اللَّهَ بِمَا تَعْمَلُونَ بَصِيرٌ
Para biyung (kang wis di talaq) iku supaya padha nusoni anake suwene genep tahun, tumrap wong kang nyampurnakake pasuson lan wajib tumrap bapa aweh sandhang lan pangan sak kuwasane marang rabine, ora ana wong kang dipeksa kajaba mung sak kuwasane lan biyung ora kena di peksa (nusoni) anake lan mangkono uga ora kena dipeksa (ngragadi) anake kajaba mung sakkuwasane, lan wabjibing waris mengkono uga. Dene yen bapa lan biyung sakarone wis golong rembuge arep nyapih bocah mau, iku ora ana pakewuhe. Dene yen sira arep nginyakake anakira, manawa sira bayar waragad kang sira saguhake kelawan becik, iya ora ana pekewuhe. Sira padha wediya ing Allah lan padha sumurupa yen Allah iku Ngudaneni marang samubarang kang sira tindakake
وَالَّذِينَ يُتَوَفَّوْنَ مِنْكُمْ وَيَذَرُونَ أَزْوَاجًا يَتَرَبَّصْنَ بِأَنْفُسِهِنَّ أَرْبَعَةَ أَشْهُرٍ وَعَشْرًا ۖ فَإِذَا بَلَغْنَ أَجَلَهُنَّ فَلَا جُنَاحَ عَلَيْكُمْ فِيمَا فَعَلْنَ فِي أَنْفُسِهِنَّ بِالْمَعْرُوفِ ۗ وَاللَّهُ بِمَا تَعْمَلُونَ خَبِيرٌ
Dene wong kang mati saka sira kabeh sarta padha ninggal bojo, wajib tumrap siwadon mau nyrantekake awake (ora kena omah-omah) lawase sasi dina. Dene manawa wis rampung ’iddahe sira ora padha kapatrapan dosa jalaran anggone wong wadon mau padha memaesi awake dhewe. Dene Allah iku Maha Waspada marang barang kang sira tindakake

Choose other languages: