Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Baqara Ayahs #227 Translated in Jawa

نِسَاؤُكُمْ حَرْثٌ لَكُمْ فَأْتُوا حَرْثَكُمْ أَنَّىٰ شِئْتُمْ ۖ وَقَدِّمُوا لِأَنْفُسِكُمْ ۚ وَاتَّقُوا اللَّهَ وَاعْلَمُوا أَنَّكُمْ مُلَاقُوهُ ۗ وَبَشِّرِ الْمُؤْمِنِينَ
Wong wadonira iku tumrape sira, upamane sawah, mulane sira tandurana sawahira sakarepira, lan sira padha andhisikna kabecikan tumraping sira lan padha bektia ing Allah lan padha weruha satemene sira ing tembe bakal padha disowanake ana ngarsane Allah. Lan sira mbebungaha marang wong-wong mukmin
وَلَا تَجْعَلُوا اللَّهَ عُرْضَةً لِأَيْمَانِكُمْ أَنْ تَبَرُّوا وَتَتَّقُوا وَتُصْلِحُوا بَيْنَ النَّاسِ ۗ وَاللَّهُ سَمِيعٌ عَلِيمٌ
Lan sira padha ndadekake (asmane) Allah ana ing sumpahira, kang ngalang-alangi ing sira menawa arep tumindak becik, lan wediya ing Allah sarta ngrukunake ing antarane para manungsa. Dene Allah iku Maha Midhanget sarta ngudaneni
لَا يُؤَاخِذُكُمُ اللَّهُ بِاللَّغْوِ فِي أَيْمَانِكُمْ وَلَٰكِنْ يُؤَاخِذُكُمْ بِمَا كَسَبَتْ قُلُوبُكُمْ ۗ وَاللَّهُ غَفُورٌ حَلِيمٌ
Allah ora bakal matrapi (nganggep) supatanira kang mung ketlanjur ora kanthi kasedya, ananing Allah bakal matrapi ing sira kabeh kang terus ing atine. Satemene Allah iku Maha Ngapura sarta Maha Aris (sabar)
لِلَّذِينَ يُؤْلُونَ مِنْ نِسَائِهِمْ تَرَبُّصُ أَرْبَعَةِ أَشْهُرٍ ۖ فَإِنْ فَاءُوا فَإِنَّ اللَّهَ غَفُورٌ رَحِيمٌ
Wong kang padha supata (Ila’) ninggal wadone iku, kena nyrantakake (suwe-suwene) patang sasi, sawise iku manawa dheweke padha gelem balen satemene Allah iku Maha Pangapura sarta Maha Asih
وَإِنْ عَزَمُوا الطَّلَاقَ فَإِنَّ اللَّهَ سَمِيعٌ عَلِيمٌ
Lan manwa dheweke padha duwe sedya megat (marang wadone) satemene Allah iku Maha Midhanget sarta Maha Ngudaneni

Choose other languages: