Surah Al-Baqara Ayahs #229 Translated in Jawa
لَا يُؤَاخِذُكُمُ اللَّهُ بِاللَّغْوِ فِي أَيْمَانِكُمْ وَلَٰكِنْ يُؤَاخِذُكُمْ بِمَا كَسَبَتْ قُلُوبُكُمْ ۗ وَاللَّهُ غَفُورٌ حَلِيمٌ
Allah ora bakal matrapi (nganggep) supatanira kang mung ketlanjur ora kanthi kasedya, ananing Allah bakal matrapi ing sira kabeh kang terus ing atine. Satemene Allah iku Maha Ngapura sarta Maha Aris (sabar)
لِلَّذِينَ يُؤْلُونَ مِنْ نِسَائِهِمْ تَرَبُّصُ أَرْبَعَةِ أَشْهُرٍ ۖ فَإِنْ فَاءُوا فَإِنَّ اللَّهَ غَفُورٌ رَحِيمٌ
Wong kang padha supata (Ila’) ninggal wadone iku, kena nyrantakake (suwe-suwene) patang sasi, sawise iku manawa dheweke padha gelem balen satemene Allah iku Maha Pangapura sarta Maha Asih
وَإِنْ عَزَمُوا الطَّلَاقَ فَإِنَّ اللَّهَ سَمِيعٌ عَلِيمٌ
Lan manwa dheweke padha duwe sedya megat (marang wadone) satemene Allah iku Maha Midhanget sarta Maha Ngudaneni
وَالْمُطَلَّقَاتُ يَتَرَبَّصْنَ بِأَنْفُسِهِنَّ ثَلَاثَةَ قُرُوءٍ ۚ وَلَا يَحِلُّ لَهُنَّ أَنْ يَكْتُمْنَ مَا خَلَقَ اللَّهُ فِي أَرْحَامِهِنَّ إِنْ كُنَّ يُؤْمِنَّ بِاللَّهِ وَالْيَوْمِ الْآخِرِ ۚ وَبُعُولَتُهُنَّ أَحَقُّ بِرَدِّهِنَّ فِي ذَٰلِكَ إِنْ أَرَادُوا إِصْلَاحًا ۚ وَلَهُنَّ مِثْلُ الَّذِي عَلَيْهِنَّ بِالْمَعْرُوفِ ۚ وَلِلرِّجَالِ عَلَيْهِنَّ دَرَجَةٌ ۗ وَاللَّهُ عَزِيزٌ حَكِيمٌ
Lan wong wadon kang padha dipegat, iku wajib nyratekake ing awake, ora kena omah-omah sakjeroning telung pasucen (quru’) lan ora halal tumrap dheweke manawa ngumpetake (dhelikake) anggone Alalh wis nitahake kang ana ing wetenge, manawa dheweke iku temen-temen percaya (iman) ing Allah lan dina akhir. Lan bojone duwe wewenang ambaleni (ngrujuk) wadone mau ana ing mongsa iku (sajerone ’iddah), manawa dheweke padha gelem tumindak becik (rukun). Lan wong wadon iku nduweni hak kang padha (karo wong lanang) kelawan becik becik, nanging wong lanag ikupadha duwe keluwihan pangkat kang ngungkuli wadone. Dene Allah iku Maha Gagah sarta Maha Wicaksana
الطَّلَاقُ مَرَّتَانِ ۖ فَإِمْسَاكٌ بِمَعْرُوفٍ أَوْ تَسْرِيحٌ بِإِحْسَانٍ ۗ وَلَا يَحِلُّ لَكُمْ أَنْ تَأْخُذُوا مِمَّا آتَيْتُمُوهُنَّ شَيْئًا إِلَّا أَنْ يَخَافَا أَلَّا يُقِيمَا حُدُودَ اللَّهِ ۖ فَإِنْ خِفْتُمْ أَلَّا يُقِيمَا حُدُودَ اللَّهِ فَلَا جُنَاحَ عَلَيْهِمَا فِيمَا افْتَدَتْ بِهِ ۗ تِلْكَ حُدُودُ اللَّهِ فَلَا تَعْتَدُوهَا ۚ وَمَنْ يَتَعَدَّ حُدُودَ اللَّهِ فَأُولَٰئِكَ هُمُ الظَّالِمُونَ
Talaq (kang isih kena diruju’) iku rong rambahan, sawise iku sira ruju’ kelawan becik utawa nguculake babar pisan uga kelawan becik. Lan sira ora bakal njupuk senajan mung sethithik saka pawewehira marang dheweke (raninira), kajaba yen wong sak kelorin iku padha kuwatir bakal ora bisa netepi wates-watese Allah. Manawa mangkono iya ora dosa tumrap wong wadon mbayar tebusane awake dhewe. Mengkono iku wates-watese Allah, sira aja padha nerak (ngliwati). Lan sing sapa nerak wates-watese Allah, iku wong-wong mau padha nganiaya marang awake dhewe
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
