Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Baqara Ayahs #216 Translated in Jawa

زُيِّنَ لِلَّذِينَ كَفَرُوا الْحَيَاةُ الدُّنْيَا وَيَسْخَرُونَ مِنَ الَّذِينَ آمَنُوا ۘ وَالَّذِينَ اتَّقَوْا فَوْقَهُمْ يَوْمَ الْقِيَامَةِ ۗ وَاللَّهُ يَرْزُقُ مَنْ يَشَاءُ بِغَيْرِ حِسَابٍ
Wong kafir padha diiming-imingi (dipaes-paesi) panguripan (kebungahan) donya lan mbanjur padha nggeguyu marang wong-wong Mukmin. Dene wong kang padha bekti ing Allah, besuk dina qiyamat padha ana ing dhuwure wong kafir mau. Allah iku paring rezeki marang wong kang dikersakake tanpa petungan
كَانَ النَّاسُ أُمَّةً وَاحِدَةً فَبَعَثَ اللَّهُ النَّبِيِّينَ مُبَشِّرِينَ وَمُنْذِرِينَ وَأَنْزَلَ مَعَهُمُ الْكِتَابَ بِالْحَقِّ لِيَحْكُمَ بَيْنَ النَّاسِ فِيمَا اخْتَلَفُوا فِيهِ ۚ وَمَا اخْتَلَفَ فِيهِ إِلَّا الَّذِينَ أُوتُوهُ مِنْ بَعْدِ مَا جَاءَتْهُمُ الْبَيِّنَاتُ بَغْيًا بَيْنَهُمْ ۖ فَهَدَى اللَّهُ الَّذِينَ آمَنُوا لِمَا اخْتَلَفُوا فِيهِ مِنَ الْحَقِّ بِإِذْنِهِ ۗ وَاللَّهُ يَهْدِي مَنْ يَشَاءُ إِلَىٰ صِرَاطٍ مُسْتَقِيمٍ
Manungsa iku asale ummat siji . Allah banjur ngutus para nabi kang padha mbebungah lan ngelingake, lan Allah nurunake kitab kang diampil para nabi mau kelawan nyata kanggo ngukumi para manungsa mau anggone padha pasulayan baba agama, nanging manungsa mau sawise katekan tandha yekti pirang-pirang, ora ana kang pasulayan olok-olokan kajaba mung wong kang wis padha katekan kitab, ing kono Allah nuduhake wong kang padha mukmin kanthi idzining Allah, weruh kafire benere anggone padha pasulayan mau. Allah iku nuduhake dalan kang bener marang kang dadi keparenging kersane
أَمْ حَسِبْتُمْ أَنْ تَدْخُلُوا الْجَنَّةَ وَلَمَّا يَأْتِكُمْ مَثَلُ الَّذِينَ خَلَوْا مِنْ قَبْلِكُمْ ۖ مَسَّتْهُمُ الْبَأْسَاءُ وَالضَّرَّاءُ وَزُلْزِلُوا حَتَّىٰ يَقُولَ الرَّسُولُ وَالَّذِينَ آمَنُوا مَعَهُ مَتَىٰ نَصْرُ اللَّهِ ۗ أَلَا إِنَّ نَصْرَ اللَّهِ قَرِيبٌ
Ya gene sira padha rumongsa bakal mlebu ing Suwarga, kang mangka sira padha ora nandhang cobaning Allah kang ngemperi coba kang disandhang ing para Mukmin sadurungira, ana kang nandhang miskin, lara. Rasul sak kancane para wong Mukmin nganti kewetu pangucape: "Besuk kapan tekane pitulungane Allah?" (Dhawuhe Allah): "Ngertiya, satemene pitulungane Allah iku cedhak
يَسْأَلُونَكَ مَاذَا يُنْفِقُونَ ۖ قُلْ مَا أَنْفَقْتُمْ مِنْ خَيْرٍ فَلِلْوَالِدَيْنِ وَالْأَقْرَبِينَ وَالْيَتَامَىٰ وَالْمَسَاكِينِ وَابْنِ السَّبِيلِ ۗ وَمَا تَفْعَلُوا مِنْ خَيْرٍ فَإِنَّ اللَّهَ بِهِ عَلِيمٌ
(Muhammad) para ummatira padha matur ing sira: "Kados pundi lampah-lampahipun tiyang badhe darmakaken bandhanipun?", sira dhawuha, "Sadhengaha kang becik kang sira darmakake iku utama, dene kang prayoga didermani iku wong tuwane loro lan sanak sedulure, lan para bocah yatim, para wong miskin, wong miskin, wong kang pinuju lelungan (kentekan sangu)". Dene sadhengah kebecikan kang padha sira tindakake, Allah ngudaneni marang kabecikan mau
كُتِبَ عَلَيْكُمُ الْقِتَالُ وَهُوَ كُرْهٌ لَكُمْ ۖ وَعَسَىٰ أَنْ تَكْرَهُوا شَيْئًا وَهُوَ خَيْرٌ لَكُمْ ۖ وَعَسَىٰ أَنْ تُحِبُّوا شَيْئًا وَهُوَ شَرٌّ لَكُمْ ۗ وَاللَّهُ يَعْلَمُ وَأَنْتُمْ لَا تَعْلَمُونَ
Sira kabeh padha diwajibake mangsah perang, kang mongka perang iku tumraping sira nggethingkake lan terkadhang barang kang sira gethingi iku malah becik tumrap sira. Allah iku ngudaneni, dene sira padha ora weruh

Choose other languages: