Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Baqara Ayahs #200 Translated in Jawa

وَأَتِمُّوا الْحَجَّ وَالْعُمْرَةَ لِلَّهِ ۚ فَإِنْ أُحْصِرْتُمْ فَمَا اسْتَيْسَرَ مِنَ الْهَدْيِ ۖ وَلَا تَحْلِقُوا رُءُوسَكُمْ حَتَّىٰ يَبْلُغَ الْهَدْيُ مَحِلَّهُ ۚ فَمَنْ كَانَ مِنْكُمْ مَرِيضًا أَوْ بِهِ أَذًى مِنْ رَأْسِهِ فَفِدْيَةٌ مِنْ صِيَامٍ أَوْ صَدَقَةٍ أَوْ نُسُكٍ ۚ فَإِذَا أَمِنْتُمْ فَمَنْ تَمَتَّعَ بِالْعُمْرَةِ إِلَى الْحَجِّ فَمَا اسْتَيْسَرَ مِنَ الْهَدْيِ ۚ فَمَنْ لَمْ يَجِدْ فَصِيَامُ ثَلَاثَةِ أَيَّامٍ فِي الْحَجِّ وَسَبْعَةٍ إِذَا رَجَعْتُمْ ۗ تِلْكَ عَشَرَةٌ كَامِلَةٌ ۗ ذَٰلِكَ لِمَنْ لَمْ يَكُنْ أَهْلُهُ حَاضِرِي الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ ۚ وَاتَّقُوا اللَّهَ وَاعْلَمُوا أَنَّ اللَّهَ شَدِيدُ الْعِقَابِ
Lan sira padha nyampurnakake Haji lan ’Umrah krana Allah, dene menawa ana alangane sateru, wajibe sira kudu mbayar dendan lan aja padha nyukur rambutira (ana ana ing sirah) nganti tekan anggonira mbayar dendhan ana ing panggonan alangan mau, dene sira kabeh sing sapa nandhang lara utawa sirahe ana larane, banjur cukura, iku wajib bayar fidyah minangka panebus sarana nglakoni pasa, utawa sidkah, utawa mragad wedhus salah sijine, ing nalika sira padha tentrem; sing sapa nerak larangan sebab wis rampung ’umrahe, nganti tekan naggone haji iku wajib kudu bayar fidhyah (wujud qurban) sabisane, dene yen ora bisa wajib pasa dina sajerone nglakoni haji lan yen wis mulih tekan ing omahe kudu puasa maneh dina, yaiku dumunung puasa dina kang sampurna. Kang mangkono iku tumrap wong kang ora dadi pendhudhuk masjidil Haram. Lan sira padha wediya ing Allah lan sira mangertiya satemene Allah iku banget panyiksane
الْحَجُّ أَشْهُرٌ مَعْلُومَاتٌ ۚ فَمَنْ فَرَضَ فِيهِنَّ الْحَجَّ فَلَا رَفَثَ وَلَا فُسُوقَ وَلَا جِدَالَ فِي الْحَجِّ ۗ وَمَا تَفْعَلُوا مِنْ خَيْرٍ يَعْلَمْهُ اللَّهُ ۗ وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَىٰ ۚ وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الْأَلْبَابِ
(Mongsa) Haji iku sasi kang wis kinaweruhan Sing sapa nglakoni rukune Haji ana ing sasi mau, ora kena ngumpuli karo wadone, lan ora kena nerak printah lan ora kena padudon sajeroning nindakake Haji. Dene kabecikan kang padha sira tindakake iku Allah nguningani. Lan sira padha cecawisa sangu, satemene becik-beciking sangu iku wedi (taqwa) ing Allah. He wong kang padha duwe aqal, padha wediya marang Ingsun
لَيْسَ عَلَيْكُمْ جُنَاحٌ أَنْ تَبْتَغُوا فَضْلًا مِنْ رَبِّكُمْ ۚ فَإِذَا أَفَضْتُمْ مِنْ عَرَفَاتٍ فَاذْكُرُوا اللَّهَ عِنْدَ الْمَشْعَرِ الْحَرَامِ ۖ وَاذْكُرُوهُ كَمَا هَدَاكُمْ وَإِنْ كُنْتُمْ مِنْ قَبْلِهِ لَمِنَ الضَّالِّينَ
Ora disa tumrap sira kabeh padha ngupaya kanugrahaning Pangeranira. Dene yen sira wis padha bali saka Arafah nuli padha nyebuta Asmane Allah ana ing sandhinge Masy’aril Haram lan sira padha elinga marang Panjenengane, jalaran Panjenengane wis paring pituduh marang sira kabeh, kang mongko sadurunge iku sira padha kalebu ewoning wong kang padha kesasar
ثُمَّ أَفِيضُوا مِنْ حَيْثُ أَفَاضَ النَّاسُ وَاسْتَغْفِرُوا اللَّهَ ۚ إِنَّ اللَّهَ غَفُورٌ رَحِيمٌ
Nuli supaya sira padha mundhuna (mundura) saka Arafah bareng karo wong akeh, lan padha nyuwuna pangapura ing Allah. Satemene Allah iku Maha Ngapura lan Maha Asih
فَإِذَا قَضَيْتُمْ مَنَاسِكَكُمْ فَاذْكُرُوا اللَّهَ كَذِكْرِكُمْ آبَاءَكُمْ أَوْ أَشَدَّ ذِكْرًا ۗ فَمِنَ النَّاسِ مَنْ يَقُولُ رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا وَمَا لَهُ فِي الْآخِرَةِ مِنْ خَلَاقٍ
Nalikane wis rampung anggonira padha nindakake ’ibadah haji, sira mbanjur nyebuta asmane Allah kaya panyebutira ing bapakira, malah kapara luwih akeh maneh. Sawenehing manungsa ana kang matur, "Dhuh Pangeran kawula, mugi Panjenengan kersa paring kabingahan dhateng kawula wonten ing donya", dene besuk ana ing akherat, wong mau ora pikantuk panduman kabegjan

Choose other languages: