Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Baqara Ayahs #15 Translated in Jawa

وَإِذَا قِيلَ لَهُمْ لَا تُفْسِدُوا فِي الْأَرْضِ قَالُوا إِنَّمَا نَحْنُ مُصْلِحُونَ
Nalika wong munafik padha didhawuhi mengkene: "Kowe aja padha gawe rusak ana ing bumi", marga ora percaya, ature mengkene: "sayektosipun kula punika malah damel sae
أَلَا إِنَّهُمْ هُمُ الْمُفْسِدُونَ وَلَٰكِنْ لَا يَشْعُرُونَ
Satemene wong munafiq iku padha gawe rusak, ewa dene padha ora rumangsa
وَإِذَا قِيلَ لَهُمْ آمِنُوا كَمَا آمَنَ النَّاسُ قَالُوا أَنُؤْمِنُ كَمَا آمَنَ السُّفَهَاءُ ۗ أَلَا إِنَّهُمْ هُمُ السُّفَهَاءُ وَلَٰكِنْ لَا يَعْلَمُونَ
Lan nalikane para munafiq padha dipituturi mengkene: "Sira padha percaya kaya percayane sahabate Nabi", wong munafiq padha mangsuli mengkene, "Ya gene wong iku padha percaya kaya percayane wong bodho?". Saktemene wong munafiq iku kang bodo, nanging ora padha weruh ing bodhone
وَإِذَا لَقُوا الَّذِينَ آمَنُوا قَالُوا آمَنَّا وَإِذَا خَلَوْا إِلَىٰ شَيَاطِينِهِمْ قَالُوا إِنَّا مَعَكُمْ إِنَّمَا نَحْنُ مُسْتَهْزِئُونَ
Lan nalikane wong munafiq padha ketemu karo wong mukmin, padha ngucap mengkene: "Kita punika sami pitados kados pitados panjenengan", bareng wis misah karo wong mukmin ketemu karo para setane (tegese penggedhene), nuli padha matur mengkene, "Kita punika sami kanca panjenengan tunggil agami, wicanten kula dhateng tiyang mukmin punika sayektosipun anggegunjeng
اللَّهُ يَسْتَهْزِئُ بِهِمْ وَيَمُدُّهُمْ فِي طُغْيَانِهِمْ يَعْمَهُونَ
Allah males marang si munafiq kabeh anggone padha anggeguyu, lan nyrantekake si munafiq kabeh anggone padha andadra kelawan padha mandheg tumoleh

Choose other languages: