Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Araf Ayahs #74 Translated in Jawa

قَالُوا أَجِئْتَنَا لِنَعْبُدَ اللَّهَ وَحْدَهُ وَنَذَرَ مَا كَانَ يَعْبُدُ آبَاؤُنَا ۖ فَأْتِنَا بِمَا تَعِدُنَا إِنْ كُنْتَ مِنَ الصَّادِقِينَ
Dhèwèké padha calathu: Apa tekamu marang aku kéné iki supa- ya aku padha anguwuh ing Allah kang Sawiji, sarta aninggal apa kang dikawulani bapak-bapakku? Lah tekakna marang aku kéné apa kang koancamaké aku, manawa kowé iku kalebu wong kang padha temen
قَالَ قَدْ وَقَعَ عَلَيْكُمْ مِنْ رَبِّكُمْ رِجْسٌ وَغَضَبٌ ۖ أَتُجَادِلُونَنِي فِي أَسْمَاءٍ سَمَّيْتُمُوهَا أَنْتُمْ وَآبَاؤُكُمْ مَا نَزَّلَ اللَّهُ بِهَا مِنْ سُلْطَانٍ ۚ فَانْتَظِرُوا إِنِّي مَعَكُمْ مِنَ الْمُنْتَظِرِينَ
Dhèwèké acalathu: temen wus tumiba marang sira lelethek sarta bebendu saka Pangéranira; apa kowé padha madoni aku ing dalem aran-aran, kang sira sebut-sebut, sira lan bapak- bapakira? Allah ora anurunaké wewenang tumrap iku; mulané padha entènana, sayekti aku iki kalawan sira éwoné wong kang padha angentèni
فَأَنْجَيْنَاهُ وَالَّذِينَ مَعَهُ بِرَحْمَةٍ مِنَّا وَقَطَعْنَا دَابِرَ الَّذِينَ كَذَّبُوا بِآيَاتِنَا ۖ وَمَا كَانُوا مُؤْمِنِينَ
Tumuli Ingsun anyalametaké dhèwèké dalah para pandhèrèké kalawan wilasa saka Ingsun, sarta Ingsun amedhot oyodé para kang padha anggorohaké marang tim- balan-timbalan-Ingsun tuwin kang dudu wong-wong angèstu
وَإِلَىٰ ثَمُودَ أَخَاهُمْ صَالِحًا ۗ قَالَ يَا قَوْمِ اعْبُدُوا اللَّهَ مَا لَكُمْ مِنْ إِلَٰهٍ غَيْرُهُ ۖ قَدْ جَاءَتْكُمْ بَيِّنَةٌ مِنْ رَبِّكُمْ ۖ هَٰذِهِ نَاقَةُ اللَّهِ لَكُمْ آيَةً ۖ فَذَرُوهَا تَأْكُلْ فِي أَرْضِ اللَّهِ ۖ وَلَا تَمَسُّوهَا بِسُوءٍ فَيَأْخُذَكُمْ عَذَابٌ أَلِيمٌ
Lan marang Tsa- mud sadu- luréa, Shalih. Dhèwèké acalathu: É, bangsaku, padha angabdia ing Allah, sira ora duwé sesembahan liyané Panjenengané. Temen wus tumeka ing sira tandha yekti cetha saka Pangéranira: iki untané wa- don Allah, tumrapé sira sawijining tandha; mulané iku togna baé mangan ing bumining Allah lan aja sira arubiru, mundhak siksa kang nglarani anibani sira
وَاذْكُرُوا إِذْ جَعَلَكُمْ خُلَفَاءَ مِنْ بَعْدِ عَادٍ وَبَوَّأَكُمْ فِي الْأَرْضِ تَتَّخِذُونَ مِنْ سُهُولِهَا قُصُورًا وَتَنْحِتُونَ الْجِبَالَ بُيُوتًا ۖ فَاذْكُرُوا آلَاءَ اللَّهِ وَلَا تَعْثَوْا فِي الْأَرْضِ مُفْسِدِينَ
Lan padha élinga nalikané Panjenengané andadèkaké sira dadi para pamaréntah ing sapung- kuré bangsa ‘Ada sarta anetepaké sira ana ing bumi – sira padha yasa pura ana ing tanahé rata sarta padha anatahi gunung minangka omah – mulané padha élinga kadarmaning Allah, sarta aja padha agawé piala ing bumi, agawé wisuna

Choose other languages: