Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Araf Ayahs #9 Translated in Jawa

7:5
فَمَا كَانَ دَعْوَاهُمْ إِذْ جَاءَهُمْ بَأْسُنَا إِلَّا أَنْ قَالُوا إِنَّا كُنَّا ظَالِمِينَ
Lah ora liya panguwuhé, nalika pidana-Ningsun anekani dhèwèké, kajaba mung padha angucap: Sayekti aku iki wus padha atindak dudu
7:6
فَلَنَسْأَلَنَّ الَّذِينَ أُرْسِلَ إِلَيْهِمْ وَلَنَسْأَلَنَّ الْمُرْسَلِينَ
Lah sayekti temen Ingsun nuli bakal andangu para kang padha karawuhan para utusan lan sayekti temen Ingsun bakal andangu para kang padha kautus
7:7
فَلَنَقُصَّنَّ عَلَيْهِمْ بِعِلْمٍ ۖ وَمَا كُنَّا غَائِبِينَ
Lah sayekti temen Ingsun bakal anyaritani marang dhèwèké kalawan kawruh, lan Ingsun iki ora kasamaran
7:8
وَالْوَزْنُ يَوْمَئِذٍ الْحَقُّ ۚ فَمَنْ ثَقُلَتْ مَوَازِينُهُ فَأُولَٰئِكَ هُمُ الْمُفْلِحُونَ
Lan panrajuné ing dina iku jejeg; lah sapa sing abot timbangé – ya iki wong kang padha begja
7:9
وَمَنْ خَفَّتْ مَوَازِينُهُ فَأُولَٰئِكَ الَّذِينَ خَسِرُوا أَنْفُسَهُمْ بِمَا كَانُوا بِآيَاتِنَا يَظْلِمُونَ
Lan sapa sing ènthèng timbangané, ya iki para kang jiwané padha kapitunan, amarga saka anggoné padha angafiri ing timbalan-timbalan- Ingsun

Choose other languages: