Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Araf Ayahs #36 Translated in Jawa

قُلْ مَنْ حَرَّمَ زِينَةَ اللَّهِ الَّتِي أَخْرَجَ لِعِبَادِهِ وَالطَّيِّبَاتِ مِنَ الرِّزْقِ ۚ قُلْ هِيَ لِلَّذِينَ آمَنُوا فِي الْحَيَاةِ الدُّنْيَا خَالِصَةً يَوْمَ الْقِيَامَةِ ۗ كَذَٰلِكَ نُفَصِّلُ الْآيَاتِ لِقَوْمٍ يَعْلَمُونَ
Calathua: Sapa ta sing angla- rangi papaèsing Allah, kang wus diwetokaké tumrap para kawula- Né sarta rezeki kang apik-apik? Calathua: Iku tumrap para kang padha angèstu ana ing kauripan donya iki, mligi ana ing dina kiyamat, kaya mangkono anggon-Ingsun amijang-mijangaké timbalan-timbalan iku tumrap wong kang padha weruh
قُلْ إِنَّمَا حَرَّمَ رَبِّيَ الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ وَالْإِثْمَ وَالْبَغْيَ بِغَيْرِ الْحَقِّ وَأَنْ تُشْرِكُوا بِاللَّهِ مَا لَمْ يُنَزِّلْ بِهِ سُلْطَانًا وَأَنْ تَقُولُوا عَلَى اللَّهِ مَا لَا تَعْلَمُونَ
Calathua: Pangéranku mung anglarangi panggawé-panggawé nistha, kang wujudé cumetha lan kang sumamar, apa déné dosa lan pamirong kalawan ora bener, tu- win yèn ta sira padha anjèjèrna sisihan kalawan Allah, barang kang ing kono Panjene- ngané ora anurunaké wewenang, sarta yèn ta sira padha angucap kang amitunani Allah, barang kang kowé ora weruh
وَلِكُلِّ أُمَّةٍ أَجَلٌ ۖ فَإِذَا جَاءَ أَجَلُهُمْ لَا يَسْتَأْخِرُونَ سَاعَةً ۖ وَلَا يَسْتَقْدِمُونَ
Lan tumrap siji-sijining umat iku ana semayaning mangsané, mulané samangsa semayaning mangsané wis tumeka, sadhéla baé ora bakal mundur lan ora bakal maju
يَا بَنِي آدَمَ إِمَّا يَأْتِيَنَّكُمْ رُسُلٌ مِنْكُمْ يَقُصُّونَ عَلَيْكُمْ آيَاتِي ۙ فَمَنِ اتَّقَىٰ وَأَصْلَحَ فَلَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُونَ
É, para turuning Adam! manawa ana utusan-utusan saka antaranira anekani sira, anyari- takaké timbalan-timbalan-Ingsun marang sira, lah, sapa sing anjaga awaké sarta atindak becik, iya ora bakal padha kataman wedi sarta ora bakal padha susah
وَالَّذِينَ كَذَّبُوا بِآيَاتِنَا وَاسْتَكْبَرُوا عَنْهَا أُولَٰئِكَ أَصْحَابُ النَّارِ ۖ هُمْ فِيهَا خَالِدُونَ
Wondéné para kang padha anggorohaké marang timbalan- timbalan-Ingsun sarta padha gume- dhé maléngos saka ing kono, iki para wonging geni, bakal padha manggon ana ing kono

Choose other languages: