Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Araf Ayahs #31 Translated in Jawa

يَا بَنِي آدَمَ لَا يَفْتِنَنَّكُمُ الشَّيْطَانُ كَمَا أَخْرَجَ أَبَوَيْكُمْ مِنَ الْجَنَّةِ يَنْزِعُ عَنْهُمَا لِبَاسَهُمَا لِيُرِيَهُمَا سَوْآتِهِمَا ۗ إِنَّهُ يَرَاكُمْ هُوَ وَقَبِيلُهُ مِنْ حَيْثُ لَا تَرَوْنَهُمْ ۗ إِنَّا جَعَلْنَا الشَّيَاطِينَ أَوْلِيَاءَ لِلَّذِينَ لَا يُؤْمِنُونَ
É, turuning Adam! Aja nganti sétan pitenahé angenani sira, kaya anggoné dhèwèké ngetokaké wong tuwanira saka patamanan, angrucat sandhangané sakaroné, pamrihé dhèwèké arep mbukak krentegé sakaroné kang ala. Sayekti dhè- wèké iku angingeti sira, dhèwèké sakulawangsané, saka ing ngendi sira ora bisa angingeti dhèwèké. Sayekti Ingsun anda- dèkaké para sétan dadi panga- yoman tumrapé para kang padha ora angèstu
وَإِذَا فَعَلُوا فَاحِشَةً قَالُوا وَجَدْنَا عَلَيْهَا آبَاءَنَا وَاللَّهُ أَمَرَنَا بِهَا ۗ قُلْ إِنَّ اللَّهَ لَا يَأْمُرُ بِالْفَحْشَاءِ ۖ أَتَقُولُونَ عَلَى اللَّهِ مَا لَا تَعْلَمُونَ
Lan nalikané padha ang- lakoni panggawé nistha padha acalathu: Aku padha nemu bapak- bapakku padha nglakoni iki lan iku Allah iya maréntahaké marang aku. Calathua: Sayekti Allah ora amaréntahaké panggawé nistha; apa ta kowé padha angucap kang amitunani Allah, barang kang kowé padha ora weruh
قُلْ أَمَرَ رَبِّي بِالْقِسْطِ ۖ وَأَقِيمُوا وُجُوهَكُمْ عِنْدَ كُلِّ مَسْجِدٍ وَادْعُوهُ مُخْلِصِينَ لَهُ الدِّينَ ۚ كَمَا بَدَأَكُمْ تَعُودُونَ
Calathua: Pangéranku wus maréntahaké adil. lan padha anjejegna adhepira ing saben- saben wayahé salat sarta padha anguwuha Panjenengané, kalawan tulus ing pambangunturut ing Panjenengané; kaya anggoné Pan- jenengané andadèkaké sira ing wiwitan, iya mangkono uga ang- gonira bakal padha bali
فَرِيقًا هَدَىٰ وَفَرِيقًا حَقَّ عَلَيْهِمُ الضَّلَالَةُ ۗ إِنَّهُمُ اتَّخَذُوا الشَّيَاطِينَ أَوْلِيَاءَ مِنْ دُونِ اللَّهِ وَيَحْسَبُونَ أَنَّهُمْ مُهْتَدُونَ
Panjenengané wus nuntun kang sapantha, déné kang sapantha karusakan iku wis beneré tetep ingatasé dhèwèké; sayekti dhèwèké padha ngalap para sétan minangka pangayoman saliyané Allah, sarta padha ngira yèn awaké iku kang padha ngambah dadalan kang bener
يَا بَنِي آدَمَ خُذُوا زِينَتَكُمْ عِنْدَ كُلِّ مَسْجِدٍ وَكُلُوا وَاشْرَبُوا وَلَا تُسْرِفُوا ۚ إِنَّهُ لَا يُحِبُّ الْمُسْرِفِينَ
É, para turuning Adam! padha angalapa papaèsira ing saben-saben wayahé salat, sarta padha mangana tuwin ngombéa lan aja padha keladuk; sayekti Panjenengané ora remen marang para kang padha keladuk

Choose other languages: