Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Araf Ayahs #206 Translated in Jawa

وَإِذَا لَمْ تَأْتِهِمْ بِآيَةٍ قَالُوا لَوْلَا اجْتَبَيْتَهَا ۚ قُلْ إِنَّمَا أَتَّبِعُ مَا يُوحَىٰ إِلَيَّ مِنْ رَبِّي ۚ هَٰذَا بَصَائِرُ مِنْ رَبِّكُمْ وَهُدًى وَرَحْمَةٌ لِقَوْمٍ يُؤْمِنُونَ
Lan samangsa sira ora anekani tandha yekti ing dhèwèké, padha calathu: Ya géné kowé ora anjaluk iku? Calathua: Aku iki mung miturut apa kang diwedhar- aké marang aku saka Pangéranku: iki bukti-bukti kang terang saka Pangéranira sarta tuntunan tuwin wilasa tumrap wong kang padha angèstu
وَإِذَا قُرِئَ الْقُرْآنُ فَاسْتَمِعُوا لَهُ وَأَنْصِتُوا لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُونَ
Lan samangsa Qur’an wina- ca lah iku sira padha angrungokna sarta dipadha sidhem, supaya sira padha pinaringan wilasa
وَاذْكُرْ رَبَّكَ فِي نَفْسِكَ تَضَرُّعًا وَخِيفَةً وَدُونَ الْجَهْرِ مِنَ الْقَوْلِ بِالْغُدُوِّ وَالْآصَالِ وَلَا تَكُنْ مِنَ الْغَافِلِينَ
Lan élinga Pangéranira ing dalem atinira kalawan adhedhépé sarta wedi tuwin ucap kang ora sora, ing wayah ésuk lan soré, sarta sira aja dadi éwoné wong kang padha léna
إِنَّ الَّذِينَ عِنْدَ رَبِّكَ لَا يَسْتَكْبِرُونَ عَنْ عِبَادَتِهِ وَيُسَبِّحُونَهُ وَلَهُ يَسْجُدُونَ ۩
Sayekti, para kang padha parek Pangéranira, iku padha ora gumedhé anggoné laladi Panjene- ngané, sarta padha mahamulya- kaké Panjenengané tuwin padha sumungkem marang Panjenengané

Choose other languages: