Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Araf Ayahs #206 Translated in Jawa

وَإِذَا قُرِئَ الْقُرْآنُ فَاسْتَمِعُوا لَهُ وَأَنْصِتُوا لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُونَ
Lan samangsa Qur’an wina- ca lah iku sira padha angrungokna sarta dipadha sidhem, supaya sira padha pinaringan wilasa
وَاذْكُرْ رَبَّكَ فِي نَفْسِكَ تَضَرُّعًا وَخِيفَةً وَدُونَ الْجَهْرِ مِنَ الْقَوْلِ بِالْغُدُوِّ وَالْآصَالِ وَلَا تَكُنْ مِنَ الْغَافِلِينَ
Lan élinga Pangéranira ing dalem atinira kalawan adhedhépé sarta wedi tuwin ucap kang ora sora, ing wayah ésuk lan soré, sarta sira aja dadi éwoné wong kang padha léna
إِنَّ الَّذِينَ عِنْدَ رَبِّكَ لَا يَسْتَكْبِرُونَ عَنْ عِبَادَتِهِ وَيُسَبِّحُونَهُ وَلَهُ يَسْجُدُونَ ۩
Sayekti, para kang padha parek Pangéranira, iku padha ora gumedhé anggoné laladi Panjene- ngané, sarta padha mahamulya- kaké Panjenengané tuwin padha sumungkem marang Panjenengané

Choose other languages: