Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Araf Ayahs #204 Translated in Jawa

وَإِمَّا يَنْزَغَنَّكَ مِنَ الشَّيْطَانِ نَزْغٌ فَاسْتَعِذْ بِاللَّهِ ۚ إِنَّهُ سَمِيعٌ عَلِيمٌ
Lan manawa pangala-ala saka sétan angenani sira lah nyuwuna ngayom ing Allah; sa- yekti Panjenengané iku Amiyarsa, Angudanèni
إِنَّ الَّذِينَ اتَّقَوْا إِذَا مَسَّهُمْ طَائِفٌ مِنَ الشَّيْطَانِ تَذَكَّرُوا فَإِذَا هُمْ مُبْصِرُونَ
Sayekti, para kang padha anjaga dhirine iku, samangsa pangrancanganing sé- tan angenani awaké, pa- dha éling, tumuli padha sakala padha awas
وَإِخْوَانُهُمْ يَمُدُّونَهُمْ فِي الْغَيِّ ثُمَّ لَا يُقْصِرُونَ
Lan para saduluré padha angundhaki dhèwèké ing dalem panasaran, tumuli ora padha uwis- uwis
وَإِذَا لَمْ تَأْتِهِمْ بِآيَةٍ قَالُوا لَوْلَا اجْتَبَيْتَهَا ۚ قُلْ إِنَّمَا أَتَّبِعُ مَا يُوحَىٰ إِلَيَّ مِنْ رَبِّي ۚ هَٰذَا بَصَائِرُ مِنْ رَبِّكُمْ وَهُدًى وَرَحْمَةٌ لِقَوْمٍ يُؤْمِنُونَ
Lan samangsa sira ora anekani tandha yekti ing dhèwèké, padha calathu: Ya géné kowé ora anjaluk iku? Calathua: Aku iki mung miturut apa kang diwedhar- aké marang aku saka Pangéranku: iki bukti-bukti kang terang saka Pangéranira sarta tuntunan tuwin wilasa tumrap wong kang padha angèstu
وَإِذَا قُرِئَ الْقُرْآنُ فَاسْتَمِعُوا لَهُ وَأَنْصِتُوا لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُونَ
Lan samangsa Qur’an wina- ca lah iku sira padha angrungokna sarta dipadha sidhem, supaya sira padha pinaringan wilasa

Choose other languages: