Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Araf Ayahs #178 Translated in Jawa

وَكَذَٰلِكَ نُفَصِّلُ الْآيَاتِ وَلَعَلَّهُمْ يَرْجِعُونَ
Lan kaya mangkono anggon-Ingsun amijang-mijangaké timbalan-timbalan, lan supayané manawa-manawa dhèwèké bakal padha bali
وَاتْلُ عَلَيْهِمْ نَبَأَ الَّذِي آتَيْنَاهُ آيَاتِنَا فَانْسَلَخَ مِنْهَا فَأَتْبَعَهُ الشَّيْطَانُ فَكَانَ مِنَ الْغَاوِينَ
Lan sira macakna marang dhèwèké wartané wong kang Ingsun paringi timbalan-timbalan Ingsun, ananging oncat saka ing kono, mulané sétan anglud dhèwèké, dadi dhèwèké kalebu éwoné wong kang padha lebur
وَلَوْ شِئْنَا لَرَفَعْنَاهُ بِهَا وَلَٰكِنَّهُ أَخْلَدَ إِلَى الْأَرْضِ وَاتَّبَعَ هَوَاهُ ۚ فَمَثَلُهُ كَمَثَلِ الْكَلْبِ إِنْ تَحْمِلْ عَلَيْهِ يَلْهَثْ أَوْ تَتْرُكْهُ يَلْهَثْ ۚ ذَٰلِكَ مَثَلُ الْقَوْمِ الَّذِينَ كَذَّبُوا بِآيَاتِنَا ۚ فَاقْصُصِ الْقَصَصَ لَعَلَّهُمْ يَتَفَكَّرُونَ
Manawa Ingsun angarsak- na, sayekti, amarga saka iku, dhè- wèké Ingsun luhuraké, ananging karaket marang bumi sarta manut pépénginané kang asor; mulané, sanépané kaya sanépané asu: manawa sira serang mèlèd- mèlèd, utawa sira togaké baé mèlèd-mèlèd; iki sanépané wong kang padha anggorohaké marang timbalan-timbalan-Ingsun; mulané nyaritakna carita iki, supaya dhè- wèké padha mikir-mikira
سَاءَ مَثَلًا الْقَوْمُ الَّذِينَ كَذَّبُوا بِآيَاتِنَا وَأَنْفُسَهُمْ كَانُوا يَظْلِمُونَ
Ala sanépané wong kang padha anggorohaké marang tim- balan-timbalan-Ingsun lan kang padha atindak dudu marang jiwané dhéwé
مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَهُوَ الْمُهْتَدِي ۖ وَمَنْ يُضْلِلْ فَأُولَٰئِكَ هُمُ الْخَاسِرُونَ
Sapa sing tinuntun déning Allah, lah ya iku sing angambah dalan kang bener, lan sapa sing kasasaraké déning Panjenengané, lah yaiku sing padha kapitunan

Choose other languages: