Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Araf Ayahs #150 Translated in Jawa

سَأَصْرِفُ عَنْ آيَاتِيَ الَّذِينَ يَتَكَبَّرُونَ فِي الْأَرْضِ بِغَيْرِ الْحَقِّ وَإِنْ يَرَوْا كُلَّ آيَةٍ لَا يُؤْمِنُوا بِهَا وَإِنْ يَرَوْا سَبِيلَ الرُّشْدِ لَا يَتَّخِذُوهُ سَبِيلًا وَإِنْ يَرَوْا سَبِيلَ الْغَيِّ يَتَّخِذُوهُ سَبِيلًا ۚ ذَٰلِكَ بِأَنَّهُمْ كَذَّبُوا بِآيَاتِنَا وَكَانُوا عَنْهَا غَافِلِينَ
Ingsun bakal angéngokaké saka timbalan-timbalan-Ingsun pa- ra kang padha ambek gumedhé ing bumi ora kalawan bener; lan manawa padha andeleng saben tandha, iku dhèwèké padha ora angèstu; lan manawa padha andeleng dalaning katulusan, iku dhèwèké padha ora angalap mi- nangka dalan; lan manawa padha andeleng dalan sasar, iku dhèwèké padha ngalap minangka dalan; iki amarga saka anggoné padha ang- gorohaké marang timbalan-timba- lan-Ingsun sarta padha anglirwak- aké marang iku
وَالَّذِينَ كَذَّبُوا بِآيَاتِنَا وَلِقَاءِ الْآخِرَةِ حَبِطَتْ أَعْمَالُهُمْ ۚ هَلْ يُجْزَوْنَ إِلَّا مَا كَانُوا يَعْمَلُونَ
Lan para kang padha anggorohaké marang timbalan- timbalan-Ingsun lan sapatemon ing delahan, iku panggawé-pangga- wéné muspra. Apa dhèwèké bakal padha pinaringan pituas saka liyané kajaba apa kang wus padha dilakoni
وَاتَّخَذَ قَوْمُ مُوسَىٰ مِنْ بَعْدِهِ مِنْ حُلِيِّهِمْ عِجْلًا جَسَدًا لَهُ خُوَارٌ ۚ أَلَمْ يَرَوْا أَنَّهُ لَا يُكَلِّمُهُمْ وَلَا يَهْدِيهِمْ سَبِيلًا ۘ اتَّخَذُوهُ وَكَانُوا ظَالِمِينَ
Lan wongé Musa ing sa- pungkuré dhèwèké, agawé pedhèta bakalé raja brana papaèsé mung sawijining awak, mawa uni. Apa ta dhèwèké padha ora weruh yèn iku ora calathu marang dhèwèké sarta ora anuduhaké dalan marang dhèwèké. Dhèwèké padha angalap iku sarta padha atindak dudu
وَلَمَّا سُقِطَ فِي أَيْدِيهِمْ وَرَأَوْا أَنَّهُمْ قَدْ ضَلُّوا قَالُوا لَئِنْ لَمْ يَرْحَمْنَا رَبُّنَا وَيَغْفِرْ لَنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِينَ
Lan bareng dhèwèké wis padha kaduwung sarta weruh, yèn awaké temen padha sasar, padha calathu: saupama Pangéran- ku ora welas marang aku sarta ora angapura marang aku, amasthi aku iki bakal padha dadi éwoné wong kang padha kapitunan
وَلَمَّا رَجَعَ مُوسَىٰ إِلَىٰ قَوْمِهِ غَضْبَانَ أَسِفًا قَالَ بِئْسَمَا خَلَفْتُمُونِي مِنْ بَعْدِي ۖ أَعَجِلْتُمْ أَمْرَ رَبِّكُمْ ۖ وَأَلْقَى الْأَلْوَاحَ وَأَخَذَ بِرَأْسِ أَخِيهِ يَجُرُّهُ إِلَيْهِ ۚ قَالَ ابْنَ أُمَّ إِنَّ الْقَوْمَ اسْتَضْعَفُونِي وَكَادُوا يَقْتُلُونَنِي فَلَا تُشْمِتْ بِيَ الْأَعْدَاءَ وَلَا تَجْعَلْنِي مَعَ الْقَوْمِ الظَّالِمِينَ
Lan bareng Musa wis bali marang wong-wongé, anawung bendu lan prihatén banget, acala- thu: Ala barang kang kotindakaké ing sapungkurku: apa kowé ange- mohi paréntahé Pangéranmu? Dhèwèké ambanting blèbèkan- blèbèkané sarta anyandhak sirahé saduluré, dicènèng marang awaké. Calathuné: Putra lanangé si ibu! Sayekti wong-wong iku padha angapesaké aku, mèh baé padha matèni aku; mulané aja kowé ambungahaké mungsuh- mungsuh asarana aku sarta aja kowé anganggep aku éwoné wong- wong atindak dudu

Choose other languages: