Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Anfal Ayahs #67 Translated in Jawa

وَأَلَّفَ بَيْنَ قُلُوبِهِمْ ۚ لَوْ أَنْفَقْتَ مَا فِي الْأَرْضِ جَمِيعًا مَا أَلَّفْتَ بَيْنَ قُلُوبِهِمْ وَلَٰكِنَّ اللَّهَ أَلَّفَ بَيْنَهُمْ ۚ إِنَّهُ عَزِيزٌ حَكِيمٌ
Lan anggolongaké ati-atiné; saupama sira angetokna apa kang ana ing bumi kabèh, ora bakal sira bisa anggolongaké ati-atiné ana- nging Allah anggolongaké dhè- wèké; sayekti Panjenengané iku Minulya, Wicaksana
يَا أَيُّهَا النَّبِيُّ حَسْبُكَ اللَّهُ وَمَنِ اتَّبَعَكَ مِنَ الْمُؤْمِنِينَ
É, Nabi! Allah iku wis cukup tumrapé ing sira sarta pandhè- rèkira, para angèstu
يَا أَيُّهَا النَّبِيُّ حَرِّضِ الْمُؤْمِنِينَ عَلَى الْقِتَالِ ۚ إِنْ يَكُنْ مِنْكُمْ عِشْرُونَ صَابِرُونَ يَغْلِبُوا مِائَتَيْنِ ۚ وَإِنْ يَكُنْ مِنْكُمْ مِائَةٌ يَغْلِبُوا أَلْفًا مِنَ الَّذِينَ كَفَرُوا بِأَنَّهُمْ قَوْمٌ لَا يَفْقَهُونَ
O, Nabi! ambobolèhana para angèstu, marang perang; mana- wa golonganira ana rongpuluh wong sing teguh atiné, bakal ngalahaké rongatus, lan manawa golonganira ana satus, bakal anga- lahaké sèwu para kang padha kafir, awit déné dhèwèké iku wong kang ora padha mangerti. A
الْآنَ خَفَّفَ اللَّهُ عَنْكُمْ وَعَلِمَ أَنَّ فِيكُمْ ضَعْفًا ۚ فَإِنْ يَكُنْ مِنْكُمْ مِائَةٌ صَابِرَةٌ يَغْلِبُوا مِائَتَيْنِ ۚ وَإِنْ يَكُنْ مِنْكُمْ أَلْفٌ يَغْلِبُوا أَلْفَيْنِ بِإِذْنِ اللَّهِ ۗ وَاللَّهُ مَعَ الصَّابِرِينَ
Ing samengko Allah angèn- thèngaké sasangganira, sarta Pan- jenengané anguningani, yèn apes dumunung ing sira; lah yèn golonganira ana satus wong sing teguh atiné, bakal angalahaké rong atus, lan yèn golonganira ana sèwu, bakal angalahaké rong èwu kalawan idining Allah; lan Allah iku anyartani para wong teguh atiné
مَا كَانَ لِنَبِيٍّ أَنْ يَكُونَ لَهُ أَسْرَىٰ حَتَّىٰ يُثْخِنَ فِي الْأَرْضِ ۚ تُرِيدُونَ عَرَضَ الدُّنْيَا وَاللَّهُ يُرِيدُ الْآخِرَةَ ۗ وَاللَّهُ عَزِيزٌ حَكِيمٌ
Ora mungguh tumrapé Nabi, yèn ta amundhuta tawanan, kajaba manawa panjenengané perang sar- ta menang ana ing bumi; sira padha karep marang barang kang ora langgeng ing donya iki, mangka Allah angarsakaké akhirat ; lan Allah iku Minulya, Wicaksana

Choose other languages: