Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Anfal Ayahs #70 Translated in Jawa

الْآنَ خَفَّفَ اللَّهُ عَنْكُمْ وَعَلِمَ أَنَّ فِيكُمْ ضَعْفًا ۚ فَإِنْ يَكُنْ مِنْكُمْ مِائَةٌ صَابِرَةٌ يَغْلِبُوا مِائَتَيْنِ ۚ وَإِنْ يَكُنْ مِنْكُمْ أَلْفٌ يَغْلِبُوا أَلْفَيْنِ بِإِذْنِ اللَّهِ ۗ وَاللَّهُ مَعَ الصَّابِرِينَ
Ing samengko Allah angèn- thèngaké sasangganira, sarta Pan- jenengané anguningani, yèn apes dumunung ing sira; lah yèn golonganira ana satus wong sing teguh atiné, bakal angalahaké rong atus, lan yèn golonganira ana sèwu, bakal angalahaké rong èwu kalawan idining Allah; lan Allah iku anyartani para wong teguh atiné
مَا كَانَ لِنَبِيٍّ أَنْ يَكُونَ لَهُ أَسْرَىٰ حَتَّىٰ يُثْخِنَ فِي الْأَرْضِ ۚ تُرِيدُونَ عَرَضَ الدُّنْيَا وَاللَّهُ يُرِيدُ الْآخِرَةَ ۗ وَاللَّهُ عَزِيزٌ حَكِيمٌ
Ora mungguh tumrapé Nabi, yèn ta amundhuta tawanan, kajaba manawa panjenengané perang sar- ta menang ana ing bumi; sira padha karep marang barang kang ora langgeng ing donya iki, mangka Allah angarsakaké akhirat ; lan Allah iku Minulya, Wicaksana
لَوْلَا كِتَابٌ مِنَ اللَّهِ سَبَقَ لَمَسَّكُمْ فِيمَا أَخَذْتُمْ عَذَابٌ عَظِيمٌ
Saupama oraa ana undhang saka Allah kang wus dhumawuh ing dhisik, sayekti siksa kang gedhé wus anibani sira, amarga saka barang kang wus padha sira lakoni
فَكُلُوا مِمَّا غَنِمْتُمْ حَلَالًا طَيِّبًا ۚ وَاتَّقُوا اللَّهَ ۚ إِنَّ اللَّهَ غَفُورٌ رَحِيمٌ
Lah padha mangana barang pakolihira ana ing paprangan, kang halal lan apik, sarta di padha prayitna ing Allah; sayekti Allah iku Apara- marta, Mahaasih
يَا أَيُّهَا النَّبِيُّ قُلْ لِمَنْ فِي أَيْدِيكُمْ مِنَ الْأَسْرَىٰ إِنْ يَعْلَمِ اللَّهُ فِي قُلُوبِكُمْ خَيْرًا يُؤْتِكُمْ خَيْرًا مِمَّا أُخِذَ مِنْكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ۗ وَاللَّهُ غَفُورٌ رَحِيمٌ
O, Nabi! Calathua marang para tawanan kang ana ing tanga- nira: Manawa Allah anguningani ana kabecikan ing sajroning ati- atinira, Panjenengané bakal ama- ringi sira luwih becik tinimbang apa kang wis kapundhut saka ing sira,a sarta bakal angapura marang sira; lan Allah iku Aparamarta, Mahaasih

Choose other languages: