Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Anfal Ayahs #58 Translated in Jawa

كَدَأْبِ آلِ فِرْعَوْنَ ۙ وَالَّذِينَ مِنْ قَبْلِهِمْ ۚ كَذَّبُوا بِآيَاتِ رَبِّهِمْ فَأَهْلَكْنَاهُمْ بِذُنُوبِهِمْ وَأَغْرَقْنَا آلَ فِرْعَوْنَ ۚ وَكُلٌّ كَانُوا ظَالِمِينَ
Kaya tindaké wongé Fir’aun sarta para ing sadurungé: padha anggorohaké timbalan-timbalaning Pangérané, mulané Ingsun angle- bur dhèwèké, amarga saka dosané lan Ingsun angelem wongé Fir’aun, lan kabèh iku wong kang padha atindak dudu
إِنَّ شَرَّ الدَّوَابِّ عِنْدَ اللَّهِ الَّذِينَ كَفَرُوا فَهُمْ لَا يُؤْمِنُونَ
Sayekti, ala-alané sato kéwan iku mungguhing Allah para kang padha kafir, lah dhèwèké ora bakal padha angèstu
الَّذِينَ عَاهَدْتَ مِنْهُمْ ثُمَّ يَنْقُضُونَ عَهْدَهُمْ فِي كُلِّ مَرَّةٍ وَهُمْ لَا يَتَّقُونَ
Dhèwèké, para kang padha aprajanjian karo sira, banjur padha angrusak prajanjiané marambah- rambah, lan padha ora prayitna
فَإِمَّا تَثْقَفَنَّهُمْ فِي الْحَرْبِ فَشَرِّدْ بِهِمْ مَنْ خَلْفَهُمْ لَعَلَّهُمْ يَذَّكَّرُونَ
Mulané manawa sira anem- puh dhèwèké ana ing paprangan, lah sira buyarna, sapa ing saburiné, supaya dhèwèké padha élinga
وَإِمَّا تَخَافَنَّ مِنْ قَوْمٍ خِيَانَةً فَانْبِذْ إِلَيْهِمْ عَلَىٰ سَوَاءٍ ۚ إِنَّ اللَّهَ لَا يُحِبُّ الْخَائِنِينَ
Lan manawa sira wedi cidra- né sawijining golongan, lah uwuk- na atas dhadhasar padha-padha; sayekti Allah iku ora remen para wong cidra

Choose other languages: