Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Anfal Ayahs #60 Translated in Jawa

الَّذِينَ عَاهَدْتَ مِنْهُمْ ثُمَّ يَنْقُضُونَ عَهْدَهُمْ فِي كُلِّ مَرَّةٍ وَهُمْ لَا يَتَّقُونَ
Dhèwèké, para kang padha aprajanjian karo sira, banjur padha angrusak prajanjiané marambah- rambah, lan padha ora prayitna
فَإِمَّا تَثْقَفَنَّهُمْ فِي الْحَرْبِ فَشَرِّدْ بِهِمْ مَنْ خَلْفَهُمْ لَعَلَّهُمْ يَذَّكَّرُونَ
Mulané manawa sira anem- puh dhèwèké ana ing paprangan, lah sira buyarna, sapa ing saburiné, supaya dhèwèké padha élinga
وَإِمَّا تَخَافَنَّ مِنْ قَوْمٍ خِيَانَةً فَانْبِذْ إِلَيْهِمْ عَلَىٰ سَوَاءٍ ۚ إِنَّ اللَّهَ لَا يُحِبُّ الْخَائِنِينَ
Lan manawa sira wedi cidra- né sawijining golongan, lah uwuk- na atas dhadhasar padha-padha; sayekti Allah iku ora remen para wong cidra
وَلَا يَحْسَبَنَّ الَّذِينَ كَفَرُوا سَبَقُوا ۚ إِنَّهُمْ لَا يُعْجِزُونَ
Lan para kang padha kafir aja padha ngira manawa dhèwèké ba- kal teka andhisiki; sayekti dhèwèk- é ora andadèkaké apes
وَأَعِدُّوا لَهُمْ مَا اسْتَطَعْتُمْ مِنْ قُوَّةٍ وَمِنْ رِبَاطِ الْخَيْلِ تُرْهِبُونَ بِهِ عَدُوَّ اللَّهِ وَعَدُوَّكُمْ وَآخَرِينَ مِنْ دُونِهِمْ لَا تَعْلَمُونَهُمُ اللَّهُ يَعْلَمُهُمْ ۚ وَمَا تُنْفِقُوا مِنْ شَيْءٍ فِي سَبِيلِ اللَّهِ يُوَفَّ إِلَيْكُمْ وَأَنْتُمْ لَا تُظْلَمُونَ
Lan padha cacawisa anggu- lang dhèwèké apa ing sabisanira, arupa kakuwatan lan arupa jaran kang cinancang ing wates, kanggo anggirisaké mungsuhing Allah lan mungsuhira lan liya-liyané kajaba dhèwèké, kang sira padha ora weruh, kang Allah udani; lan barang apa baé kang sira wetokaké ing dadalaning Allah, liliru genep bakal pinaringaké marang sira, sarta sira ora bakal kinaniaya

Choose other languages: