Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Anfal Ayahs #63 Translated in Jawa

وَلَا يَحْسَبَنَّ الَّذِينَ كَفَرُوا سَبَقُوا ۚ إِنَّهُمْ لَا يُعْجِزُونَ
Lan para kang padha kafir aja padha ngira manawa dhèwèké ba- kal teka andhisiki; sayekti dhèwèk- é ora andadèkaké apes
وَأَعِدُّوا لَهُمْ مَا اسْتَطَعْتُمْ مِنْ قُوَّةٍ وَمِنْ رِبَاطِ الْخَيْلِ تُرْهِبُونَ بِهِ عَدُوَّ اللَّهِ وَعَدُوَّكُمْ وَآخَرِينَ مِنْ دُونِهِمْ لَا تَعْلَمُونَهُمُ اللَّهُ يَعْلَمُهُمْ ۚ وَمَا تُنْفِقُوا مِنْ شَيْءٍ فِي سَبِيلِ اللَّهِ يُوَفَّ إِلَيْكُمْ وَأَنْتُمْ لَا تُظْلَمُونَ
Lan padha cacawisa anggu- lang dhèwèké apa ing sabisanira, arupa kakuwatan lan arupa jaran kang cinancang ing wates, kanggo anggirisaké mungsuhing Allah lan mungsuhira lan liya-liyané kajaba dhèwèké, kang sira padha ora weruh, kang Allah udani; lan barang apa baé kang sira wetokaké ing dadalaning Allah, liliru genep bakal pinaringaké marang sira, sarta sira ora bakal kinaniaya
وَإِنْ جَنَحُوا لِلسَّلْمِ فَاجْنَحْ لَهَا وَتَوَكَّلْ عَلَى اللَّهِ ۚ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ
Lan manawa dhèwèké padha tumiyung marang dhamé, lah sira tumiyunga mrono sarta kumandela marang Allah; sayekti Panjenengané iku Ingkang-Miyar- sa, Ingkang-Ngudanèni
وَإِنْ يُرِيدُوا أَنْ يَخْدَعُوكَ فَإِنَّ حَسْبَكَ اللَّهُ ۚ هُوَ الَّذِي أَيَّدَكَ بِنَصْرِهِ وَبِالْمُؤْمِنِينَ
Lan manawa dhèwèké sume- dya ambalubuk sira, _ lah sayekti Allah iku wis cukup tumrapé sira; Panjenengané iku Kang angu- wataké sira kalawan pitulung-É lan kalawan para angèstu
وَأَلَّفَ بَيْنَ قُلُوبِهِمْ ۚ لَوْ أَنْفَقْتَ مَا فِي الْأَرْضِ جَمِيعًا مَا أَلَّفْتَ بَيْنَ قُلُوبِهِمْ وَلَٰكِنَّ اللَّهَ أَلَّفَ بَيْنَهُمْ ۚ إِنَّهُ عَزِيزٌ حَكِيمٌ
Lan anggolongaké ati-atiné; saupama sira angetokna apa kang ana ing bumi kabèh, ora bakal sira bisa anggolongaké ati-atiné ana- nging Allah anggolongaké dhè- wèké; sayekti Panjenengané iku Minulya, Wicaksana

Choose other languages: