Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Anfal Ayahs #53 Translated in Jawa

إِذْ يَقُولُ الْمُنَافِقُونَ وَالَّذِينَ فِي قُلُوبِهِمْ مَرَضٌ غَرَّ هَٰؤُلَاءِ دِينُهُمْ ۗ وَمَنْ يَتَوَكَّلْ عَلَى اللَّهِ فَإِنَّ اللَّهَ عَزِيزٌ حَكِيمٌ
Nalikané para lamis lan para kang ing sajroning atiné padha ana larané calathu: Agamané iku wus anyadhangaké dhèwèké marang karusakan; lan sapa sing asèsèn- dhéan marang Allah, lah sayekti Allah iku Minulya, Wicaksana
وَلَوْ تَرَىٰ إِذْ يَتَوَفَّى الَّذِينَ كَفَرُوا ۙ الْمَلَائِكَةُ يَضْرِبُونَ وُجُوهَهُمْ وَأَدْبَارَهُمْ وَذُوقُوا عَذَابَ الْحَرِيقِ
Lan saupama sira weruha, nalika para Malaikat amatèni para kang padha kafir, anggebugi rainé lan gegeré, sarta : Padha ngrasakna siksa kang angge- sengaké
ذَٰلِكَ بِمَا قَدَّمَتْ أَيْدِيكُمْ وَأَنَّ اللَّهَ لَيْسَ بِظَلَّامٍ لِلْعَبِيدِ
Iki amarga saka apa pang- gawéning tangan-tanganira kang dhingin-dhingin, lan amarga Allah iku ora pisan atindak dudu marang para kawula
كَدَأْبِ آلِ فِرْعَوْنَ ۙ وَالَّذِينَ مِنْ قَبْلِهِمْ ۚ كَفَرُوا بِآيَاتِ اللَّهِ فَأَخَذَهُمُ اللَّهُ بِذُنُوبِهِمْ ۗ إِنَّ اللَّهَ قَوِيٌّ شَدِيدُ الْعِقَابِ
Kaya tindaké wongé Fir’aun sarta para ing sadurungé: padha angafiri ing timbalan-timbalaning Allah, mulané Allah anglebur dhè- wèké, amarga saka dosané; sayekti Allah iku Kuwat, Abanget ing pamales
ذَٰلِكَ بِأَنَّ اللَّهَ لَمْ يَكُ مُغَيِّرًا نِعْمَةً أَنْعَمَهَا عَلَىٰ قَوْمٍ حَتَّىٰ يُغَيِّرُوا مَا بِأَنْفُسِهِمْ ۙ وَأَنَّ اللَّهَ سَمِيعٌ عَلِيمٌ
Iki amarga déné Allah iku ora pisan angéwahi nugraha kang wus Dinugrahakaké marang sawijining bangsa, kajaba yèn dhèwèké ango- wahi kahanané dhéwé; lan amarga déné Allah iku Amiyarsa, Anguda- néni

Choose other languages: