Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Anfal Ayahs #52 Translated in Jawa

وَإِذْ زَيَّنَ لَهُمُ الشَّيْطَانُ أَعْمَالَهُمْ وَقَالَ لَا غَالِبَ لَكُمُ الْيَوْمَ مِنَ النَّاسِ وَإِنِّي جَارٌ لَكُمْ ۖ فَلَمَّا تَرَاءَتِ الْفِئَتَانِ نَكَصَ عَلَىٰ عَقِبَيْهِ وَقَالَ إِنِّي بَرِيءٌ مِنْكُمْ إِنِّي أَرَىٰ مَا لَا تَرَوْنَ إِنِّي أَخَافُ اللَّهَ ۚ وَاللَّهُ شَدِيدُ الْعِقَابِ
Lan nalikané sétan ama- maèsi dhèwèké ing panggawé- panggawéné karo calathu: Ing dina iki ora ana manusa kang ngalahaké marang kowé, lan sayekti aku iki pangayomanmu; ananging bareng papanthan loro iku wis padha adu- arep, dhèwèké ambalik ing tung- kaké karo calathu: Temen aku iki lebaran saka kowé, sayekti aku weruh barang kang kowé padha ora weruh, temen aku iki wedi maring Allah; lan Allah iku aba- nget ing pamales
إِذْ يَقُولُ الْمُنَافِقُونَ وَالَّذِينَ فِي قُلُوبِهِمْ مَرَضٌ غَرَّ هَٰؤُلَاءِ دِينُهُمْ ۗ وَمَنْ يَتَوَكَّلْ عَلَى اللَّهِ فَإِنَّ اللَّهَ عَزِيزٌ حَكِيمٌ
Nalikané para lamis lan para kang ing sajroning atiné padha ana larané calathu: Agamané iku wus anyadhangaké dhèwèké marang karusakan; lan sapa sing asèsèn- dhéan marang Allah, lah sayekti Allah iku Minulya, Wicaksana
وَلَوْ تَرَىٰ إِذْ يَتَوَفَّى الَّذِينَ كَفَرُوا ۙ الْمَلَائِكَةُ يَضْرِبُونَ وُجُوهَهُمْ وَأَدْبَارَهُمْ وَذُوقُوا عَذَابَ الْحَرِيقِ
Lan saupama sira weruha, nalika para Malaikat amatèni para kang padha kafir, anggebugi rainé lan gegeré, sarta : Padha ngrasakna siksa kang angge- sengaké
ذَٰلِكَ بِمَا قَدَّمَتْ أَيْدِيكُمْ وَأَنَّ اللَّهَ لَيْسَ بِظَلَّامٍ لِلْعَبِيدِ
Iki amarga saka apa pang- gawéning tangan-tanganira kang dhingin-dhingin, lan amarga Allah iku ora pisan atindak dudu marang para kawula
كَدَأْبِ آلِ فِرْعَوْنَ ۙ وَالَّذِينَ مِنْ قَبْلِهِمْ ۚ كَفَرُوا بِآيَاتِ اللَّهِ فَأَخَذَهُمُ اللَّهُ بِذُنُوبِهِمْ ۗ إِنَّ اللَّهَ قَوِيٌّ شَدِيدُ الْعِقَابِ
Kaya tindaké wongé Fir’aun sarta para ing sadurungé: padha angafiri ing timbalan-timbalaning Allah, mulané Allah anglebur dhè- wèké, amarga saka dosané; sayekti Allah iku Kuwat, Abanget ing pamales

Choose other languages: