Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Anfal Ayahs #41 Translated in Jawa

لِيَمِيزَ اللَّهُ الْخَبِيثَ مِنَ الطَّيِّبِ وَيَجْعَلَ الْخَبِيثَ بَعْضَهُ عَلَىٰ بَعْضٍ فَيَرْكُمَهُ جَمِيعًا فَيَجْعَلَهُ فِي جَهَنَّمَ ۚ أُولَٰئِكَ هُمُ الْخَاسِرُونَ
Supaya Allah amisahaké kang jember saka kang becik, sarta andadèkaké kang jember iku atum- pang tindih; banjur Panjenengané angumpuk-undhung kabèh iku, tumuli anglebokaké ing naraka; iki para kang padha kapitunan
قُلْ لِلَّذِينَ كَفَرُوا إِنْ يَنْتَهُوا يُغْفَرْ لَهُمْ مَا قَدْ سَلَفَ وَإِنْ يَعُودُوا فَقَدْ مَضَتْ سُنَّتُ الْأَوَّلِينَ
Calathua marang para kang padha kafir, yèn padha marèni, dhèwèké bakal ingapura apa kang wus kapungkur; lan manawa padha angambali; lah temen wus kala- kon lalakoné para kuna
وَقَاتِلُوهُمْ حَتَّىٰ لَا تَكُونَ فِتْنَةٌ وَيَكُونَ الدِّينُ كُلُّهُ لِلَّهِ ۚ فَإِنِ انْتَهَوْا فَإِنَّ اللَّهَ بِمَا يَعْمَلُونَ بَصِيرٌ
Lan padha peranga mungsuh dhèwèké nganti panindhesan ora ana, lan agama iku sakabèhé kagu- ngané Allah; nanging, manawa dhèwèké padha marèni, sayekti Allah iku marang apa kang padha dilakoni angudanèni
وَإِنْ تَوَلَّوْا فَاعْلَمُوا أَنَّ اللَّهَ مَوْلَاكُمْ ۚ نِعْمَ الْمَوْلَىٰ وَنِعْمَ النَّصِيرُ
Lan manawa dhèwèké padha ambalik, lah padha weruha, yèn Allah iku Pangayomanira; becik- beciking Pangayoman lan becik- beciking Juru-tutulung
وَاعْلَمُوا أَنَّمَا غَنِمْتُمْ مِنْ شَيْءٍ فَأَنَّ لِلَّهِ خُمُسَهُ وَلِلرَّسُولِ وَلِذِي الْقُرْبَىٰ وَالْيَتَامَىٰ وَالْمَسَاكِينِ وَابْنِ السَّبِيلِ إِنْ كُنْتُمْ آمَنْتُمْ بِاللَّهِ وَمَا أَنْزَلْنَا عَلَىٰ عَبْدِنَا يَوْمَ الْفُرْقَانِ يَوْمَ الْتَقَى الْجَمْعَانِ ۗ وَاللَّهُ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ
Lan padha weruha, yèn kuku- panira ana ing paprangan, arupa apa baé, lah iku kang sapralimané bagéané Allah lan bagéané Utusan sarta bagéané santana tuwin para bocah yatim lan para wong miskin apa déné wong lalaku, manawa sira iku padha angèstu ing Allah sarta apa kang Ingsun dhawuhaké marang kawula-Ningsun, ing dina- ning panyilah, ing dina tempuké golongan loro; lan Allah iku marang samubarang kawasa

Choose other languages: