Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Anfal Ayahs #40 Translated in Jawa

إِنَّ الَّذِينَ كَفَرُوا يُنْفِقُونَ أَمْوَالَهُمْ لِيَصُدُّوا عَنْ سَبِيلِ اللَّهِ ۚ فَسَيُنْفِقُونَهَا ثُمَّ تَكُونُ عَلَيْهِمْ حَسْرَةً ثُمَّ يُغْلَبُونَ ۗ وَالَّذِينَ كَفَرُوا إِلَىٰ جَهَنَّمَ يُحْشَرُونَ
Sayekti, para kang padha kafir iku padha angetokaké bandhané kanggo anyegah saka da- dalaning Allah; mulané dhèwèké bakal padha angetokaké iku, tumuli iku ingatasé dhèwèké bakal dadi piduwung kang abanget, tumuli dhèwèké padha kasoran; lan para kang padha kafir bakal padha di- giring marang naraka
لِيَمِيزَ اللَّهُ الْخَبِيثَ مِنَ الطَّيِّبِ وَيَجْعَلَ الْخَبِيثَ بَعْضَهُ عَلَىٰ بَعْضٍ فَيَرْكُمَهُ جَمِيعًا فَيَجْعَلَهُ فِي جَهَنَّمَ ۚ أُولَٰئِكَ هُمُ الْخَاسِرُونَ
Supaya Allah amisahaké kang jember saka kang becik, sarta andadèkaké kang jember iku atum- pang tindih; banjur Panjenengané angumpuk-undhung kabèh iku, tumuli anglebokaké ing naraka; iki para kang padha kapitunan
قُلْ لِلَّذِينَ كَفَرُوا إِنْ يَنْتَهُوا يُغْفَرْ لَهُمْ مَا قَدْ سَلَفَ وَإِنْ يَعُودُوا فَقَدْ مَضَتْ سُنَّتُ الْأَوَّلِينَ
Calathua marang para kang padha kafir, yèn padha marèni, dhèwèké bakal ingapura apa kang wus kapungkur; lan manawa padha angambali; lah temen wus kala- kon lalakoné para kuna
وَقَاتِلُوهُمْ حَتَّىٰ لَا تَكُونَ فِتْنَةٌ وَيَكُونَ الدِّينُ كُلُّهُ لِلَّهِ ۚ فَإِنِ انْتَهَوْا فَإِنَّ اللَّهَ بِمَا يَعْمَلُونَ بَصِيرٌ
Lan padha peranga mungsuh dhèwèké nganti panindhesan ora ana, lan agama iku sakabèhé kagu- ngané Allah; nanging, manawa dhèwèké padha marèni, sayekti Allah iku marang apa kang padha dilakoni angudanèni
وَإِنْ تَوَلَّوْا فَاعْلَمُوا أَنَّ اللَّهَ مَوْلَاكُمْ ۚ نِعْمَ الْمَوْلَىٰ وَنِعْمَ النَّصِيرُ
Lan manawa dhèwèké padha ambalik, lah padha weruha, yèn Allah iku Pangayomanira; becik- beciking Pangayoman lan becik- beciking Juru-tutulung

Choose other languages: