Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Anfal Ayahs #30 Translated in Jawa

وَاذْكُرُوا إِذْ أَنْتُمْ قَلِيلٌ مُسْتَضْعَفُونَ فِي الْأَرْضِ تَخَافُونَ أَنْ يَتَخَطَّفَكُمُ النَّاسُ فَآوَاكُمْ وَأَيَّدَكُمْ بِنَصْرِهِ وَرَزَقَكُمْ مِنَ الطَّيِّبَاتِ لَعَلَّكُمْ تَشْكُرُونَ
Lan padha ngélingana nali- kané sira lagi sathithik, dianggep apes ana ing nagara, kuwatir ma- nawa wong-wong padha amban- dhang sira, nanging Panjene- ngané angayomi sira sarta angu- kuhaké sira kalawan pitulung-É tuwin apaparing sira arupa barang- barang becik, supaya sira padha atur panuwun
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لَا تَخُونُوا اللَّهَ وَالرَّسُولَ وَتَخُونُوا أَمَانَاتِكُمْ وَأَنْتُمْ تَعْلَمُونَ
É, sira kang padha angèstu! Aja padha cidra ing Allah lan Utusan, sarta aja padha cidra ing barang kang dipracayakaké sira, kang mangka sira padha weruh
وَاعْلَمُوا أَنَّمَا أَمْوَالُكُمْ وَأَوْلَادُكُمْ فِتْنَةٌ وَأَنَّ اللَّهَ عِنْدَهُ أَجْرٌ عَظِيمٌ
Lan padha weruha, manawa bandhanira lan anak-anakira iku coba, sarta manawa Allah iku ing ngarsa-Né ana ganjaran kang agung
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا إِنْ تَتَّقُوا اللَّهَ يَجْعَلْ لَكُمْ فُرْقَانًا وَيُكَفِّرْ عَنْكُمْ سَيِّئَاتِكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ۗ وَاللَّهُ ذُو الْفَضْلِ الْعَظِيمِ
É, sira kang padha angèstu! Manawa sira prayitna ing Allah, Panjenengané ba- kal amaringi panyilah marang sira, sarta bakal ambirat alanira saka ing sira tuwin angapura marang sira; lan Allah iku Ingkang kagungan kanugrahan agung
وَإِذْ يَمْكُرُ بِكَ الَّذِينَ كَفَرُوا لِيُثْبِتُوكَ أَوْ يَقْتُلُوكَ أَوْ يُخْرِجُوكَ ۚ وَيَمْكُرُونَ وَيَمْكُرُ اللَّهُ ۖ وَاللَّهُ خَيْرُ الْمَاكِرِينَ
Lan nalikané para kang padha kafir angrancang upaya tumanduk ing sira arep angunjara sira utawa arep amatèni sira, utawa arep anundhung sira; lan dhèwèké padha agawé rancangan, sarta Allah iya adamel rancangan; lan Allah iku Becik-beciké para juru- rancang

Choose other languages: