Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Anfal Ayahs #20 Translated in Jawa

وَمَنْ يُوَلِّهِمْ يَوْمَئِذٍ دُبُرَهُ إِلَّا مُتَحَرِّفًا لِقِتَالٍ أَوْ مُتَحَيِّزًا إِلَىٰ فِئَةٍ فَقَدْ بَاءَ بِغَضَبٍ مِنَ اللَّهِ وَمَأْوَاهُ جَهَنَّمُ ۖ وَبِئْسَ الْمَصِيرُ
Lan sapa sing amalik gegeré ing dhèwèké ing dina iku, _ kajaba manawa anggoné bali iku karana perluning perang utawa anggolong marang papanthan, lah sayekti wis mungguh olèh bebenduning Allah, sarta panggonané naraka; iku pa- dunungan ala
فَلَمْ تَقْتُلُوهُمْ وَلَٰكِنَّ اللَّهَ قَتَلَهُمْ ۚ وَمَا رَمَيْتَ إِذْ رَمَيْتَ وَلَٰكِنَّ اللَّهَ رَمَىٰ ۚ وَلِيُبْلِيَ الْمُؤْمِنِينَ مِنْهُ بَلَاءً حَسَنًا ۚ إِنَّ اللَّهَ سَمِيعٌ عَلِيمٌ
Mulané, dudu sira kang matèni dhèwèké, ananging Allah kang matèni dhèwèké, lan dudu sira kang ambalang nalikané sira ambalang, ananging Allah kang ambalang lan amrih Panjene- ngané amaringi paparing kang becik saka Panjenengané marang para angèstu; sayekti Allah iku Amiyarsa, Angudanéni
ذَٰلِكُمْ وَأَنَّ اللَّهَ مُوهِنُ كَيْدِ الْكَافِرِينَ
Iki, sarta Allah iku kang angapesaké jurité para kafir
إِنْ تَسْتَفْتِحُوا فَقَدْ جَاءَكُمُ الْفَتْحُ ۖ وَإِنْ تَنْتَهُوا فَهُوَ خَيْرٌ لَكُمْ ۖ وَإِنْ تَعُودُوا نَعُدْ وَلَنْ تُغْنِيَ عَنْكُمْ فِئَتُكُمْ شَيْئًا وَلَوْ كَثُرَتْ وَأَنَّ اللَّهَ مَعَ الْمُؤْمِنِينَ
Manawa sira padha nyuwun putusan, lah temen putusan iku wus tumeka marang sira; lan manawa sira padha anguwisi, lah iku luwih becik tumrapé sira; lan manawa sira padha angambali manèh, Ingsun bakal angambali, sarta wadyabala-nira ora bakal makolèhi marang sira babar pisan, sanajan akèha, lan yèn Allah iku anyartani para angèstu
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا أَطِيعُوا اللَّهَ وَرَسُولَهُ وَلَا تَوَلَّوْا عَنْهُ وَأَنْتُمْ تَسْمَعُونَ
É, sira kang padha angèstu! Padha ambangun-turuta ing Allah lan Utusan-É, sarta aja sira padha ambalik saka Panjenengané, kang mangka sira padha ngrungu

Choose other languages: