Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Anfal Ayahs #14 Translated in Jawa

وَمَا جَعَلَهُ اللَّهُ إِلَّا بُشْرَىٰ وَلِتَطْمَئِنَّ بِهِ قُلُوبُكُمْ ۚ وَمَا النَّصْرُ إِلَّا مِنْ عِنْدِ اللَّهِ ۚ إِنَّ اللَّهَ عَزِيزٌ حَكِيمٌ
Lan Allah andadèkaké iki, iku ora liya kajaba minangka pawarta becik sarta supaya, sarana iku, atinira dadi anteng; lan ora liya kamenangan iku kajaba saka ngarsaning Allah; sayekti Allah iku Mahamulya, Wicaksana
إِذْ يُغَشِّيكُمُ النُّعَاسَ أَمَنَةً مِنْهُ وَيُنَزِّلُ عَلَيْكُمْ مِنَ السَّمَاءِ مَاءً لِيُطَهِّرَكُمْ بِهِ وَيُذْهِبَ عَنْكُمْ رِجْزَ الشَّيْطَانِ وَلِيَرْبِطَ عَلَىٰ قُلُوبِكُمْ وَيُثَبِّتَ بِهِ الْأَقْدَامَ
Nalika Panjenengané wus anurunaké anteng marang sira, minangka aman saka Panjenengané, sarta anurunaké banyu saka ing mendhunga marang sira, amrih Panjenengané anucèni sira, asarana iku, sarta ambirat leletheking sétan saka ing sira, lan amrih Panjenengané angukuhaké marang atinira tuwin – asarana iku – anetepaké dalamakan
إِذْ يُوحِي رَبُّكَ إِلَى الْمَلَائِكَةِ أَنِّي مَعَكُمْ فَثَبِّتُوا الَّذِينَ آمَنُوا ۚ سَأُلْقِي فِي قُلُوبِ الَّذِينَ كَفَرُوا الرُّعْبَ فَاضْرِبُوا فَوْقَ الْأَعْنَاقِ وَاضْرِبُوا مِنْهُمْ كُلَّ بَنَانٍ
Nalika Pangéranira amedhar sabda marang para malaikat: Ing- sun iki anyartani sira, mulané padha tetepna para kang padha angèstu; Ingsun bakal andèkèkaké miris ing dalem ati-atiné para kang padha kafir. Mulané padha gepu- ken sadhuwuring tenggoké sarta paruthulen kabèh pucuking dariji- né
ذَٰلِكَ بِأَنَّهُمْ شَاقُّوا اللَّهَ وَرَسُولَهُ ۚ وَمَنْ يُشَاقِقِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَإِنَّ اللَّهَ شَدِيدُ الْعِقَابِ
Mangkono iku amarga saka anggoné padha lumawan Allah lan utusan-É; lan sapa sing lumawan Allah lan utusan-É, lah sayekti Allah iku abanget walesé
ذَٰلِكُمْ فَذُوقُوهُ وَأَنَّ لِلْكَافِرِينَ عَذَابَ النَّارِ
Mangkono iku – lah iku padha rasakna, lan yèn bubuhané para kafir iku siksa geni

Choose other languages: