Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Anfal Ayahs #16 Translated in Jawa

إِذْ يُوحِي رَبُّكَ إِلَى الْمَلَائِكَةِ أَنِّي مَعَكُمْ فَثَبِّتُوا الَّذِينَ آمَنُوا ۚ سَأُلْقِي فِي قُلُوبِ الَّذِينَ كَفَرُوا الرُّعْبَ فَاضْرِبُوا فَوْقَ الْأَعْنَاقِ وَاضْرِبُوا مِنْهُمْ كُلَّ بَنَانٍ
Nalika Pangéranira amedhar sabda marang para malaikat: Ing- sun iki anyartani sira, mulané padha tetepna para kang padha angèstu; Ingsun bakal andèkèkaké miris ing dalem ati-atiné para kang padha kafir. Mulané padha gepu- ken sadhuwuring tenggoké sarta paruthulen kabèh pucuking dariji- né
ذَٰلِكَ بِأَنَّهُمْ شَاقُّوا اللَّهَ وَرَسُولَهُ ۚ وَمَنْ يُشَاقِقِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَإِنَّ اللَّهَ شَدِيدُ الْعِقَابِ
Mangkono iku amarga saka anggoné padha lumawan Allah lan utusan-É; lan sapa sing lumawan Allah lan utusan-É, lah sayekti Allah iku abanget walesé
ذَٰلِكُمْ فَذُوقُوهُ وَأَنَّ لِلْكَافِرِينَ عَذَابَ النَّارِ
Mangkono iku – lah iku padha rasakna, lan yèn bubuhané para kafir iku siksa geni
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا إِذَا لَقِيتُمُ الَّذِينَ كَفَرُوا زَحْفًا فَلَا تُوَلُّوهُمُ الْأَدْبَارَ
É, para kang padha angèstu! Manawa sira kepapag para kang padha kafir mangsah perang, lah aja sira padha amalik gegerira ing dhèwèké
وَمَنْ يُوَلِّهِمْ يَوْمَئِذٍ دُبُرَهُ إِلَّا مُتَحَرِّفًا لِقِتَالٍ أَوْ مُتَحَيِّزًا إِلَىٰ فِئَةٍ فَقَدْ بَاءَ بِغَضَبٍ مِنَ اللَّهِ وَمَأْوَاهُ جَهَنَّمُ ۖ وَبِئْسَ الْمَصِيرُ
Lan sapa sing amalik gegeré ing dhèwèké ing dina iku, _ kajaba manawa anggoné bali iku karana perluning perang utawa anggolong marang papanthan, lah sayekti wis mungguh olèh bebenduning Allah, sarta panggonané naraka; iku pa- dunungan ala

Choose other languages: