Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Anaam Ayahs #26 Translated in Jawa

وَيَوْمَ نَحْشُرُهُمْ جَمِيعًا ثُمَّ نَقُولُ لِلَّذِينَ أَشْرَكُوا أَيْنَ شُرَكَاؤُكُمُ الَّذِينَ كُنْتُمْ تَزْعُمُونَ
Lan ing dinané Ingsun angimpun dhèwèké kabèh, tumuli Ingsun bakal ngandika marang para kang padha anjèjèri sisihan : Endi para kanthinira kang padha sira kandhakaké iku
ثُمَّ لَمْ تَكُنْ فِتْنَتُهُمْ إِلَّا أَنْ قَالُوا وَاللَّهِ رَبِّنَا مَا كُنَّا مُشْرِكِينَ
Tumuli ora ana pawadané kajaba anggoné padha ngucap: Dhemi Allah, Pangéran kawula, kawula punika sanès tiyang ing- kang sami manembah pangéran kathah
انْظُرْ كَيْفَ كَذَبُوا عَلَىٰ أَنْفُسِهِمْ ۚ وَضَلَّ عَنْهُمْ مَا كَانُوا يَفْتَرُونَ
Delengen, kapriyé anggoné padha anggorohi jiwané dhéwé, lan barang bawa anggité dhéwé padha sirna saka dhèwèké
وَمِنْهُمْ مَنْ يَسْتَمِعُ إِلَيْكَ ۖ وَجَعَلْنَا عَلَىٰ قُلُوبِهِمْ أَكِنَّةً أَنْ يَفْقَهُوهُ وَفِي آذَانِهِمْ وَقْرًا ۚ وَإِنْ يَرَوْا كُلَّ آيَةٍ لَا يُؤْمِنُوا بِهَا ۚ حَتَّىٰ إِذَا جَاءُوكَ يُجَادِلُونَكَ يَقُولُ الَّذِينَ كَفَرُوا إِنْ هَٰذَا إِلَّا أَسَاطِيرُ الْأَوَّلِينَ
Lan dhèwèké, sawenèhé ana kang angrungokaké marang sira, lan Ingsun andèkèki aling-aling ing atiné, supaya iku dhèwèké padha ora mangerti, sarta tin- dhih-abot ana ing kuping-kupingé; lan sanajan weruha sa-dhéngah pratandha, iku iya padha ora angès- tu; nganti manawa dhèwèké ane- kani sira, mung arep amadoni sira; para kang padha kafir padha cala- thu: iki ora liya kajaba dongèngé para wong kuna
وَهُمْ يَنْهَوْنَ عَنْهُ وَيَنْأَوْنَ عَنْهُ ۖ وَإِنْ يُهْلِكُونَ إِلَّا أَنْفُسَهُمْ وَمَا يَشْعُرُونَ
Lan dhèwèké padha menging sarta dhèwèké dhéwé angedohi iku, lan ora liya kajaba padha angrusak jiwané dhéwe lan ora padha rumasa

Choose other languages: