Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Anaam Ayahs #143 Translated in Jawa

وَقَالُوا مَا فِي بُطُونِ هَٰذِهِ الْأَنْعَامِ خَالِصَةٌ لِذُكُورِنَا وَمُحَرَّمٌ عَلَىٰ أَزْوَاجِنَا ۖ وَإِنْ يَكُنْ مَيْتَةً فَهُمْ فِيهِ شُرَكَاءُ ۚ سَيَجْزِيهِمْ وَصْفَهُمْ ۚ إِنَّهُ حَكِيمٌ عَلِيمٌ
Sarta padha calathu: Iki raja-kaya sarta tanduran kekeran: ora ana kena mangan iki, kajaba sapa kang dadi sarju-Ku _ mang- kono panemuné _ sarta rajakaya kang dilarangi gegeré, apa déné rajakaya kang ing kono ora ngang- go anyebut asmaning Allah – agawé doracara marang Panjene- ngané; Panjenengané bakal males dhèwèké amarga saka anggoné padha adoracara
قَدْ خَسِرَ الَّذِينَ قَتَلُوا أَوْلَادَهُمْ سَفَهًا بِغَيْرِ عِلْمٍ وَحَرَّمُوا مَا رَزَقَهُمُ اللَّهُ افْتِرَاءً عَلَى اللَّهِ ۚ قَدْ ضَلُّوا وَمَا كَانُوا مُهْتَدِينَ
Sarta padha acalathu: Apa kang ana ing jeroné wetengé rajakaya iki mung mligi tumrap para wong-wongku lanang, lan la- rangan ing ngatasé wong-wongku wadon, lan manawa metu wis mati lah ing kono dhèwèké kabèh padha olèh bagéan; Panjenengané bakal males dhèwèké amarga saka ang- goné anyifati ; sayekti Panjenengané iku Wicaksana, Udani
وَهُوَ الَّذِي أَنْشَأَ جَنَّاتٍ مَعْرُوشَاتٍ وَغَيْرَ مَعْرُوشَاتٍ وَالنَّخْلَ وَالزَّرْعَ مُخْتَلِفًا أُكُلُهُ وَالزَّيْتُونَ وَالرُّمَّانَ مُتَشَابِهًا وَغَيْرَ مُتَشَابِهٍ ۚ كُلُوا مِنْ ثَمَرِهِ إِذَا أَثْمَرَ وَآتُوا حَقَّهُ يَوْمَ حَصَادِهِ ۖ وَلَا تُسْرِفُوا ۚ إِنَّهُ لَا يُحِبُّ الْمُسْرِفِينَ
Temen kapitunan para kang padha matèni anaké kalawan kabodhoan tanpa kawruh sarta angaramaké paparinging Allah marang Allah; temen dhèwèké padha sasar sarta dudu wong kang padha manut dadalan kang bener
وَمِنَ الْأَنْعَامِ حَمُولَةً وَفَرْشًا ۚ كُلُوا مِمَّا رَزَقَكُمُ اللَّهُ وَلَا تَتَّبِعُوا خُطُوَاتِ الشَّيْطَانِ ۚ إِنَّهُ لَكُمْ عَدُوٌّ مُبِينٌ
Lan Panjenengané iku Kang anukulaké kebon , kang dianjang-anjangi lan kang tanpa anjang-anjang, sarta kurma tuwin pekahing wiji, kang wohé abéda- béda, apa déné zaitun lan dalima, kang madha-rupa lan kang ora madha-rupa, padha mangana wohé kalané awoh sarta ambayara zakaté apa beneré ing dina pangundhuhé, sarta aja sira padha keladuk; sa- yèkti Panjenengané iku ora remen marang wong kang padha keladuk
ثَمَانِيَةَ أَزْوَاجٍ ۖ مِنَ الضَّأْنِ اثْنَيْنِ وَمِنَ الْمَعْزِ اثْنَيْنِ ۗ قُلْ آلذَّكَرَيْنِ حَرَّمَ أَمِ الْأُنْثَيَيْنِ أَمَّا اشْتَمَلَتْ عَلَيْهِ أَرْحَامُ الْأُنْثَيَيْنِ ۖ نَبِّئُونِي بِعِلْمٍ إِنْ كُنْتُمْ صَادِقِينَ
Lan sawenèhé rajakaya ana kang kadadèkaké kéwan momotan sarta sembelèhan; Padha manga- na apa paparingé Allah ing sira, sarta aja padha manut garis- garising sétan; sayekti dhèwèké iku tumraping sira mungsuh kang tétéla

Choose other languages: