Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Anaam Ayahs #146 Translated in Jawa

وَمِنَ الْأَنْعَامِ حَمُولَةً وَفَرْشًا ۚ كُلُوا مِمَّا رَزَقَكُمُ اللَّهُ وَلَا تَتَّبِعُوا خُطُوَاتِ الشَّيْطَانِ ۚ إِنَّهُ لَكُمْ عَدُوٌّ مُبِينٌ
Lan Panjenengané iku Kang anukulaké kebon , kang dianjang-anjangi lan kang tanpa anjang-anjang, sarta kurma tuwin pekahing wiji, kang wohé abéda- béda, apa déné zaitun lan dalima, kang madha-rupa lan kang ora madha-rupa, padha mangana wohé kalané awoh sarta ambayara zakaté apa beneré ing dina pangundhuhé, sarta aja sira padha keladuk; sa- yèkti Panjenengané iku ora remen marang wong kang padha keladuk
ثَمَانِيَةَ أَزْوَاجٍ ۖ مِنَ الضَّأْنِ اثْنَيْنِ وَمِنَ الْمَعْزِ اثْنَيْنِ ۗ قُلْ آلذَّكَرَيْنِ حَرَّمَ أَمِ الْأُنْثَيَيْنِ أَمَّا اشْتَمَلَتْ عَلَيْهِ أَرْحَامُ الْأُنْثَيَيْنِ ۖ نَبِّئُونِي بِعِلْمٍ إِنْ كُنْتُمْ صَادِقِينَ
Lan sawenèhé rajakaya ana kang kadadèkaké kéwan momotan sarta sembelèhan; Padha manga- na apa paparingé Allah ing sira, sarta aja padha manut garis- garising sétan; sayekti dhèwèké iku tumraping sira mungsuh kang tétéla
وَمِنَ الْإِبِلِ اثْنَيْنِ وَمِنَ الْبَقَرِ اثْنَيْنِ ۗ قُلْ آلذَّكَرَيْنِ حَرَّمَ أَمِ الْأُنْثَيَيْنِ أَمَّا اشْتَمَلَتْ عَلَيْهِ أَرْحَامُ الْأُنْثَيَيْنِ ۖ أَمْ كُنْتُمْ شُهَدَاءَ إِذْ وَصَّاكُمُ اللَّهُ بِهَٰذَا ۚ فَمَنْ أَظْلَمُ مِمَّنِ افْتَرَىٰ عَلَى اللَّهِ كَذِبًا لِيُضِلَّ النَّاسَ بِغَيْرِ عِلْمٍ ۗ إِنَّ اللَّهَ لَا يَهْدِي الْقَوْمَ الظَّالِمِينَ
Wolu ajodhon-jodhon sing wedhus gibas loro sing wedhus kacang loro. Calathua: Apa lana- ngé loro sing Dilarangi, apa wédokané loro iku, apa ta kang kinandhut ing talanakané wédokan loro iku? Aku wartanana kalawan nganggo kawruh manawa sira padha wong temen
قُلْ لَا أَجِدُ فِي مَا أُوحِيَ إِلَيَّ مُحَرَّمًا عَلَىٰ طَاعِمٍ يَطْعَمُهُ إِلَّا أَنْ يَكُونَ مَيْتَةً أَوْ دَمًا مَسْفُوحًا أَوْ لَحْمَ خِنْزِيرٍ فَإِنَّهُ رِجْسٌ أَوْ فِسْقًا أُهِلَّ لِغَيْرِ اللَّهِ بِهِ ۚ فَمَنِ اضْطُرَّ غَيْرَ بَاغٍ وَلَا عَادٍ فَإِنَّ رَبَّكَ غَفُورٌ رَحِيمٌ
Lan sing unta loro, sing sapi loro. Calathua: Apa lanange loro sing Dilarangi, apa wédokané loro iku, apa ta kang kinandhut ing talanakané wédokan loro iku? Apa ta sira padha aneksèni kalané Allah masiyataké iki marang sira? Lah sapa sing luwih atindak dudu saka wong kang agawé doracara ma- rang Allah, mamrih anasaraké wong-wong, tanpa kawruh? Sa- yekti Allah iku ora anuntun wong kang padha atindak dudu
وَعَلَى الَّذِينَ هَادُوا حَرَّمْنَا كُلَّ ذِي ظُفُرٍ ۖ وَمِنَ الْبَقَرِ وَالْغَنَمِ حَرَّمْنَا عَلَيْهِمْ شُحُومَهُمَا إِلَّا مَا حَمَلَتْ ظُهُورُهُمَا أَوِ الْحَوَايَا أَوْ مَا اخْتَلَطَ بِعَظْمٍ ۚ ذَٰلِكَ جَزَيْنَاهُمْ بِبَغْيِهِمْ ۖ وَإِنَّا لَصَادِقُونَ
Calathua: Ing sajroné apa kang kawedharaké marang aku, aku ora mrangguli barang kang dilarangi tumrap wong kang ma- ngan, yèn ta mangana iku, kajaba yèn iku bathang, utawa getih mili, utawa daging cèlèng – amarga iku pancèn jember – utawa yèn iku panerak, saliyané Allah kang nganggo sinebut ing kono; ananging sapa sing kepeksa déning kepépét, ora saka kapéngin lan ora angliwati wates, lah sayekti Pangéranira iku Aparamarta, Mahaasih

Choose other languages: