Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Anaam Ayahs #131 Translated in Jawa

لَهُمْ دَارُ السَّلَامِ عِنْدَ رَبِّهِمْ ۖ وَهُوَ وَلِيُّهُمْ بِمَا كَانُوا يَعْمَلُونَ
Lan iki dadalané Pangéra- nira, kang bener; temen Ingsun wus amijang-mijangaké timbalan-timbalan tumrap wong kang padha éling
وَيَوْمَ يَحْشُرُهُمْ جَمِيعًا يَا مَعْشَرَ الْجِنِّ قَدِ اسْتَكْثَرْتُمْ مِنَ الْإِنْسِ ۖ وَقَالَ أَوْلِيَاؤُهُمْ مِنَ الْإِنْسِ رَبَّنَا اسْتَمْتَعَ بَعْضُنَا بِبَعْضٍ وَبَلَغْنَا أَجَلَنَا الَّذِي أَجَّلْتَ لَنَا ۚ قَالَ النَّارُ مَثْوَاكُمْ خَالِدِينَ فِيهَا إِلَّا مَا شَاءَ اللَّهُ ۗ إِنَّ رَبَّكَ حَكِيمٌ عَلِيمٌ
Dhèwèké bakal padha olèh enggon karahayon ing ngarsaning Pangérané, sarta Panjenengané iku pangayomané, amarga saka barang kang wus padha dilakoni
وَكَذَٰلِكَ نُوَلِّي بَعْضَ الظَّالِمِينَ بَعْضًا بِمَا كَانُوا يَكْسِبُونَ
Lan ing dinané Panjene- ngané angimpun dhèwèké kabèh; É, grombolaning Jin! temen kowé wis anjupuki kèh-kèhaning manusa. Lan para mitrané, saka antaraning para manusa, bakal aca- lathu: Pangéran kawula! kawula sami mamrih pakolih sawenèh sawenèhipun saha kawula sampun sami dumugi ing ubaya kawula ingkang sampun Tuwan ubayak- aken ing kawula. Panjenengané bakal ngandika: Geni iku pang- gonanira, bakal padha dudunung ing kono, kajaba manawa ana kaperenging karsané Allah; sayekti Pangéranira iku Wicaksana, Angudanèni
يَا مَعْشَرَ الْجِنِّ وَالْإِنْسِ أَلَمْ يَأْتِكُمْ رُسُلٌ مِنْكُمْ يَقُصُّونَ عَلَيْكُمْ آيَاتِي وَيُنْذِرُونَكُمْ لِقَاءَ يَوْمِكُمْ هَٰذَا ۚ قَالُوا شَهِدْنَا عَلَىٰ أَنْفُسِنَا ۖ وَغَرَّتْهُمُ الْحَيَاةُ الدُّنْيَا وَشَهِدُوا عَلَىٰ أَنْفُسِهِمْ أَنَّهُمْ كَانُوا كَافِرِينَ
Lan kaya mangkono ang- gon Ingsun agawé mimitrané sawenèhé para wong kang atindak dudu marang sawenèhé, amarga saka barang kang wus padha pinakolih
ذَٰلِكَ أَنْ لَمْ يَكُنْ رَبُّكَ مُهْلِكَ الْقُرَىٰ بِظُلْمٍ وَأَهْلُهَا غَافِلُونَ
E, grombolaning para jin lan manusa! apa ora ana utusan saka ing antaranira kang padha anekani sira, anyaritakaké tim- balan-timbalan-Ingsun marang sira sarta apépéling ing sira prakara sapatemon ing dinanira iki? Bakal padha matur: “Kawula aneksèni dhateng badan kawula piyambak,” sarta kauripan donya iki wus angapusi dhèwèké, apa déné dhèwèké bakal padha anek- sèni marang jiwané dhéwé, yèn sajatiné padha wong kafir

Choose other languages: