Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Anaam Ayahs #128 Translated in Jawa

وَإِذَا جَاءَتْهُمْ آيَةٌ قَالُوا لَنْ نُؤْمِنَ حَتَّىٰ نُؤْتَىٰ مِثْلَ مَا أُوتِيَ رُسُلُ اللَّهِ ۘ اللَّهُ أَعْلَمُ حَيْثُ يَجْعَلُ رِسَالَتَهُ ۗ سَيُصِيبُ الَّذِينَ أَجْرَمُوا صَغَارٌ عِنْدَ اللَّهِ وَعَذَابٌ شَدِيدٌ بِمَا كَانُوا يَمْكُرُونَ
Lan kaya mangkono ing dalem siji-sijining nagara Ingsun andadèkaké para gedhéné dadi wongé sing duraka, dimèn padha agawé upaya ana ing kono; lan ora liya anggoné padha agawé upaya iku kajaba tumama ing jiwané dhé- wé sarta padha ora rumasa
فَمَنْ يُرِدِ اللَّهُ أَنْ يَهْدِيَهُ يَشْرَحْ صَدْرَهُ لِلْإِسْلَامِ ۖ وَمَنْ يُرِدْ أَنْ يُضِلَّهُ يَجْعَلْ صَدْرَهُ ضَيِّقًا حَرَجًا كَأَنَّمَا يَصَّعَّدُ فِي السَّمَاءِ ۚ كَذَٰلِكَ يَجْعَلُ اللَّهُ الرِّجْسَ عَلَى الَّذِينَ لَا يُؤْمِنُونَ
Lan kalané ana timbalan, tumeka ing dhèwèké, padha acala- thu: Aku ora bakal padha angèstu nganti tumekané aku kaparingan padhané barang kang kaparingaké para utusaning Allah. Allah iku luwih angudanèni ing ngendi ang- goné Panjenengané amapanaké ayahan-É. Para kang padha du- raka bakal padha katiban asor ing ngarsaning Allah sarta siksa kang abanget, amarga saka anggoné padha agawé upaya
وَهَٰذَا صِرَاطُ رَبِّكَ مُسْتَقِيمًا ۗ قَدْ فَصَّلْنَا الْآيَاتِ لِقَوْمٍ يَذَّكَّرُونَ
Mulané, sapa sing dikarsak- aké déning Allah bakal katuntun ing dalan kang bener, Panjenenga- né anjembaraké dhadhané marang Islam, lan sapa sing dikarsakaké bakal kasasaraké, Panjenengané andadèkaké dhadhané rupak lan sesak, kaya-kaya arep sumengkaa mandhuwur; kaya mangkono ang- goné Allah andèkèki lelethek marang para kang padha ora angèstu
لَهُمْ دَارُ السَّلَامِ عِنْدَ رَبِّهِمْ ۖ وَهُوَ وَلِيُّهُمْ بِمَا كَانُوا يَعْمَلُونَ
Lan iki dadalané Pangéra- nira, kang bener; temen Ingsun wus amijang-mijangaké timbalan-timbalan tumrap wong kang padha éling
وَيَوْمَ يَحْشُرُهُمْ جَمِيعًا يَا مَعْشَرَ الْجِنِّ قَدِ اسْتَكْثَرْتُمْ مِنَ الْإِنْسِ ۖ وَقَالَ أَوْلِيَاؤُهُمْ مِنَ الْإِنْسِ رَبَّنَا اسْتَمْتَعَ بَعْضُنَا بِبَعْضٍ وَبَلَغْنَا أَجَلَنَا الَّذِي أَجَّلْتَ لَنَا ۚ قَالَ النَّارُ مَثْوَاكُمْ خَالِدِينَ فِيهَا إِلَّا مَا شَاءَ اللَّهُ ۗ إِنَّ رَبَّكَ حَكِيمٌ عَلِيمٌ
Dhèwèké bakal padha olèh enggon karahayon ing ngarsaning Pangérané, sarta Panjenengané iku pangayomané, amarga saka barang kang wus padha dilakoni

Choose other languages: