Surah Al-Ahqaf Ayahs #9 Translated in Jawa
وَمَنْ أَضَلُّ مِمَّنْ يَدْعُو مِنْ دُونِ اللَّهِ مَنْ لَا يَسْتَجِيبُ لَهُ إِلَىٰ يَوْمِ الْقِيَامَةِ وَهُمْ عَنْ دُعَائِهِمْ غَافِلُونَ
Ora ana wong kang luwih kesasar tinimbang wong kang nyembah liyane Allah. Salawase ora tau bisa nurut panjaluke kang nyembah. Tekan qiyamat pisan hoya ora bisa. Brahala mau ora ngerti yen disembah dening wong kafir
وَإِذَا حُشِرَ النَّاسُ كَانُوا لَهُمْ أَعْدَاءً وَكَانُوا بِعِبَادَتِهِمْ كَافِرِينَ
Besuk dina qiyamat nalika manungsa diklumpukake ana ngarsane Pangeran, sakabehing brahala padha disatroni wong kang nyembah, sarta padha nutuh kang padha nyembah
وَإِذَا تُتْلَىٰ عَلَيْهِمْ آيَاتُنَا بَيِّنَاتٍ قَالَ الَّذِينَ كَفَرُوا لِلْحَقِّ لَمَّا جَاءَهُمْ هَٰذَا سِحْرٌ مُبِينٌ
Manungsa nalikane diwacakake al-Quran ayatingsun kelawan cetha wong kang kafir padha maido, padha ngucap al-Quran iki tetela sihir
أَمْ يَقُولُونَ افْتَرَاهُ ۖ قُلْ إِنِ افْتَرَيْتُهُ فَلَا تَمْلِكُونَ لِي مِنَ اللَّهِ شَيْئًا ۖ هُوَ أَعْلَمُ بِمَا تُفِيضُونَ فِيهِ ۖ كَفَىٰ بِهِ شَهِيدًا بَيْنِي وَبَيْنَكُمْ ۖ وَهُوَ الْغَفُورُ الرَّحِيمُ
Apa wong kafir padha ngucap, "Quran iki gaweyane Muhammad dhewe." Sira dhawuha, "Manawa al-Quran gaweyanku dhewe Allah mesthi nyiksa aku saiki." Kowe ora bisa nulak siksane Allah marang aku sethithik wae. Allah pirsa anggonmu maido al-Quran. Anggonku pasulayan karo kowe iki cukup disekseni Allah lan Panjenengane Allah ngapura wong kang taubat tur Maha Asih
قُلْ مَا كُنْتُ بِدْعًا مِنَ الرُّسُلِ وَمَا أَدْرِي مَا يُفْعَلُ بِي وَلَا بِكُمْ ۖ إِنْ أَتَّبِعُ إِلَّا مَا يُوحَىٰ إِلَيَّ وَمَا أَنَا إِلَّا نَذِيرٌ مُبِينٌ
(Muhammad) Dhawuha, "Aku iki dudu rasul kang kawitan lan aku ora weruh kang bakal ditindakake marang aku lan kowe. Aku mung manut surasaning al-Quran kang didhawuhake marang aku. Wajibku mung ngelengake lan pitutur
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
