Surah Aal-E-Imran Ayahs #23 Translated in Jawa
إِنَّ الدِّينَ عِنْدَ اللَّهِ الْإِسْلَامُ ۗ وَمَا اخْتَلَفَ الَّذِينَ أُوتُوا الْكِتَابَ إِلَّا مِنْ بَعْدِ مَا جَاءَهُمُ الْعِلْمُ بَغْيًا بَيْنَهُمْ ۗ وَمَنْ يَكْفُرْ بِآيَاتِ اللَّهِ فَإِنَّ اللَّهَ سَرِيعُ الْحِسَابِ
Satemene agama (kang bener) mungguhing Allah iku mung Agama Islam. Lan ora padha pasulayan wong-wong kang wis padha diparingi kitab kajaba sawise ketekan ’ilmu, pamrihe mung drengki panasten ana ing antarane wong-wong mau. Dene sapa kang maido ing aat-ayate Allah, satemene Allah iku rikat pengetunge
فَإِنْ حَاجُّوكَ فَقُلْ أَسْلَمْتُ وَجْهِيَ لِلَّهِ وَمَنِ اتَّبَعَنِ ۗ وَقُلْ لِلَّذِينَ أُوتُوا الْكِتَابَ وَالْأُمِّيِّينَ أَأَسْلَمْتُمْ ۚ فَإِنْ أَسْلَمُوا فَقَدِ اهْتَدَوْا ۖ وَإِنْ تَوَلَّوْا فَإِنَّمَا عَلَيْكَ الْبَلَاغُ ۗ وَاللَّهُ بَصِيرٌ بِالْعِبَادِ
Menawa wong kafir padha mbantah ing sira (Muhammad) sira mbanjur paringa wangsulan, "Aku wis masrahake marang Allah lan wong manut ing aku (uga wis padha masrahake)" Lan dhawuha (Muhammad) marang owng-wong kang padha diparingi kitab lan marang wong-wong kang bodho, "Apa sira kabeh padha gelem nganut agama Islam?", Manawa dheweke wis padha nganut agama Islam, yekti dheweke iku padha oleh pituduh. Dene Menawa dheweke padha mlengos, satemene kewajibanira iku mung nekakake (da’wah). Allah iku Maha Mriksani marang para kawulane
إِنَّ الَّذِينَ يَكْفُرُونَ بِآيَاتِ اللَّهِ وَيَقْتُلُونَ النَّبِيِّينَ بِغَيْرِ حَقٍّ وَيَقْتُلُونَ الَّذِينَ يَأْمُرُونَ بِالْقِسْطِ مِنَ النَّاسِ فَبَشِّرْهُمْ بِعَذَابٍ أَلِيمٍ
Satemene wong-wong kang padha kafir ing ayat-ayate Allah kang padha merjaya para Nabi kelawan ora bener lan kang padha mateni wong-wong kang padha printah marang para manungsa supaya tumindak ’adil. Awit saka iku sira mbebungaha marang wong-wong mau kelawan siksa kang lara
أُولَٰئِكَ الَّذِينَ حَبِطَتْ أَعْمَالُهُمْ فِي الدُّنْيَا وَالْآخِرَةِ وَمَا لَهُمْ مِنْ نَاصِرِينَ
Wong-wong kang mangkono iku padha lebur (rusak) kabeh amale ana ing donya lan ana ing akherat lan ora ana kang bakal mitulungi ing wong mau
أَلَمْ تَرَ إِلَى الَّذِينَ أُوتُوا نَصِيبًا مِنَ الْكِتَابِ يُدْعَوْنَ إِلَىٰ كِتَابِ اللَّهِ لِيَحْكُمَ بَيْنَهُمْ ثُمَّ يَتَوَلَّىٰ فَرِيقٌ مِنْهُمْ وَهُمْ مُعْرِضُونَ
(Muhammad) apa sira durung sumurup wong-wong kang padha diparingi panduman saka kitab (Taurat)? Dheweke padha diajak marang kitabe Allah, supaya kitab iku dianggo ngukumi ana ing antarane wong-wong mau, nuli sagolongan saka wong-wong mau ana kang mlengos lan dheweke iku padha ngungkurake
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
