Quran Apps in many lanuages:

Surah Aal-E-Imran Ayahs #14 Translated in Jawa

إِنَّ الَّذِينَ كَفَرُوا لَنْ تُغْنِيَ عَنْهُمْ أَمْوَالُهُمْ وَلَا أَوْلَادُهُمْ مِنَ اللَّهِ شَيْئًا ۖ وَأُولَٰئِكَ هُمْ وَقُودُ النَّارِ
Satemene wong kang padha kafir iku bandhane lan anak-anake ora bakal bisa nulak saka siksane Allah seththik-thithika. Wong kang mangkono iku bakal padha dadi uru-urubing neraka
كَدَأْبِ آلِ فِرْعَوْنَ وَالَّذِينَ مِنْ قَبْلِهِمْ ۚ كَذَّبُوا بِآيَاتِنَا فَأَخَذَهُمُ اللَّهُ بِذُنُوبِهِمْ ۗ وَاللَّهُ شَدِيدُ الْعِقَابِ
Kaya adat sabene kawulawargane Fir’aun lan wong kang sadurunge, iku padha anggorohake ayat-ayat Ingsun. Allah mbanjur nyiksa marang wong-wong mau jalaran saka dosane. Dene Allah iku abot panyiksane
قُلْ لِلَّذِينَ كَفَرُوا سَتُغْلَبُونَ وَتُحْشَرُونَ إِلَىٰ جَهَنَّمَ ۚ وَبِئْسَ الْمِهَادُ
Dhawuha sira (Muhammad) marang wong kang padha kafir, "Sira kabeh bakal padha dikalahake lan bakal padha digiring marang naraka Jahannam, iya iku ala-alaning lemek
قَدْ كَانَ لَكُمْ آيَةٌ فِي فِئَتَيْنِ الْتَقَتَا ۖ فِئَةٌ تُقَاتِلُ فِي سَبِيلِ اللَّهِ وَأُخْرَىٰ كَافِرَةٌ يَرَوْنَهُمْ مِثْلَيْهِمْ رَأْيَ الْعَيْنِ ۚ وَاللَّهُ يُؤَيِّدُ بِنَصْرِهِ مَنْ يَشَاءُ ۗ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَعِبْرَةً لِأُولِي الْأَبْصَارِ
Yekti sira wis padha duwe tandha yekti, yaiku wong rong golongan kan padha adhep-adhepan perang (nalika perang ana ing Badar) kang sagolongan ana ing dedalane Allah (sabilillah) dene kang sagolongan liyane wong-wong kafir. Wong kafir mau ndeleng golongane wadyaba Islam kelawan pandeleng matane akehe tikel loro. Dene Allah iku ngukuhake kelawan pitulunge marang wong kang dadi keparengen kersane. Sak temene kang mangkono iku dadi tepa tuladha tumrap wong kang padha duwe pikir
زُيِّنَ لِلنَّاسِ حُبُّ الشَّهَوَاتِ مِنَ النِّسَاءِ وَالْبَنِينَ وَالْقَنَاطِيرِ الْمُقَنْطَرَةِ مِنَ الذَّهَبِ وَالْفِضَّةِ وَالْخَيْلِ الْمُسَوَّمَةِ وَالْأَنْعَامِ وَالْحَرْثِ ۗ ذَٰلِكَ مَتَاعُ الْحَيَاةِ الدُّنْيَا ۖ وَاللَّهُ عِنْدَهُ حُسْنُ الْمَآبِ
Manungsa iku dipaesi demen sarupane pepenginan, yaiku: wanita lan anak-anak lan raja brana kang akeh saka mas lan salaka lan jaran kang becik lan raja kaya lan tetanduran. Mangkono oku kesenengan panguripan donya. Dene Allah iku kagungan becik-beciking papan kanggo bali

Choose other languages: